PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNASumber: wayang wordpress.comSawise Pandawa lan Kurawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari izzanixzy pada mata pelajaran Wirausaha untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNASumber: wayang wordpress.com
Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa, sabanjure meguru marang Begawan Durna, ipenipun Krepa. Caritane mangkene.Begawan Durna iku putrane Resi Baratwaja.Sawijining wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki jumeneng nata ing Pancala.Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal nemoni ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa lan Kurawa kang lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing dingo dolanan kecegur sumur, lan ora ana kang wani njupuk. Kanthi pitulange Durna, bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang. Para Pandawa lan Kurawa padha kaget lan ngalembana kasektene Durna. Bab iku diaturake marang Bisma. Miring atur iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi golek guru kang linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.
Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wisp inter ora kena nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung Arjuna dhewe kang nyaguhi.
Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa wae, semono uga bab kang sinandi. Bima lan Duryudana pinter . Bima lan Duryudana prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan), Arjuna prigel jemparing.Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha digdayane.
Sawijining dina Durna kepengin males lara atine marang Drupada kang rikala semana gawe serik atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada minangka tandha bektine marang Guru.Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa dikalahake.Genti para Pandawa kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip dening Arjuna, kang sabanjure dipasrahake marang Durna.Gandheng Drupada kalah, Nagara Pancala separo sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.
Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura. Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira kang awatak adil lan utama, mula bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.



1.sebutna paraga lan watake ing cerita wayang iku!
2.an ing endi bae setting ing cerita wayang kasebut?
3.andharna wosing (isi) cerita wayang ing duwur!
4.wedharna pitutur luhur apa sing bisa kepethik saka cerita wayang iku!
5.damela sinopsis cerita wayang kasebut nganggo basa tagalan!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

ini bahasa apa coba di perbaiki dulu ini suruh apa

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Galang457 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 18 May 22