9. Urutan sadranan diwiwiti 10. Upacara Sadranan tujuane kanggo terus

Berikut ini adalah pertanyaan dari miyatiyanto pada mata pelajaran Ujian Nasional untuk jenjang Sekolah Dasar

9. Urutan sadranan diwiwiti
10. Upacara Sadranan tujuane kanggo terus barisan​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

9. Kagiyatan ingkang limrahipun dipuntindakaken nalika Nyadran utawi Ruwahan inggih menika: Ngawontenaken kenduri, kanthi maos ayat-ayat Al-Qur’an, dzikir, tahlil, saha donga, lajeng dipuntutup kanthi dhahar sesarengan. Nindakake besik, yaiku ngresiki kuburan leluhur saka rereget lan suket.

10. Tradhisi Nyadran yaiku upacara syukuran ing tanah Jawa kanggo ngurmati arwah leluhur kang ditindakake kanthi rutin setaun sepisan sadurunge wulan Ramadhan ing wulan Ruwah utawa Sya’ban (Santosa, 2012:53). Percaya marang tradhisi upacara nyadran ing jaman saiki mujudake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Agung.

Penjelasan:

Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiyatan setaun sapisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asalé saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing taun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri déning masarakat, mligi ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah duwé surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.

Semoga membantu!!

MAAF KALAU SALAH.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh princskaprameswari dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 30 Nov 22