Sejarah Asal Usul Desa Duwet Kecamatan Bojong Kabupaten Pekalongan

Berikut ini adalah pertanyaan dari irzanisabriano pada mata pelajaran Sejarah untuk jenjang Sekolah Dasar

Sejarah Asal Usul Desa Duwet Kecamatan Bojong Kabupaten Pekalongan

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Asal - Usule Desa Duwet

Kawiwitan dipuncariyosaken babagan ngenani pagesangan ingkang dipunlampahi Ki Arto, kanthi cariyos ngenani leluhur Desa Duwet. Wontenipun ingkang dipunbikak ing caryios punika, inggih punika nyariosaken sawijining dusun Ngeang ingkang naminipun Mbah Selap, ingkang asring dipunsebat Kyai Selap.

Ing Desa Punika wonten tiga nami – nami dusun antawisipun Dhusun Satunggal (1) Mpulo, Dhusun Kalih (2) Ngeang, lan Dhusun Tiga (3) Wangandowo. Ing sawijining wekdal sajroning ngajak bebrayan Dusun Mpulo, Ngeang lan Wangandowo Desa Duwet Kecamatan Bojong. Dipuncariyosaken Ki Arto rawuh ing dalemipun Mbah Selap Dusun Ngeang, lan kaleresan ing dalemipun Mbah Selap wonten dhayoh inggih punika Pak Timbul saking Dhusun Wangandowo.

Ki Arto, Mbah Selap lan Pak Timbul ngajak bebrayan ngeang kangge sinau seni budaya jawa sintren. Kaleresan wonten ing nganjeng dalemipun Mbah Selap wonten wit ageng, kanthi saben minggunipun gladen sintren wonten ing ngandap wit punika, lan wit ageng punika naminipun Duwet.

Mbah Selap menawi ingkang badhe mucal gladen sintren kedah ngasta “dupo ngobong”. Dupo ngobong ing sajroning basa jawa mliginipun bebrayan Ngeang  nggadhahi teges inggih punika ngupokoro menyang Maha Kuasa.

Mbah Selap asalipun saking daerah lereng Gunung Marapi (Ing Rajadesa, Ciamis Timur) lan saksanesipun nggadhahi rancangan utawi ancas sarta tanggungjawab saking kerajaan Pajajaran beliau ugi nggadhahi kulawarga lan dipunparingi putra (keturunan). Beliau seda lan dipunsarekake  ing pasareyan Dhusun Ngeang.

Tiyang – tiyang sepuh ing Dhusun Ngeang menawi nimbali Mbah Selap kanthi sebatan Woh Duwet (Buah Duwet), amargi saben mucal gladen seni sintren remenipun ing ngandhap wit duwet.

Beliau ugi nggadhahi paguyuban kanthi nami : TUMAPAN, ingkang tegesipun Tunas – Tunas Manusia Pancasila. Minangka tiyang pungkasan ingkang nderek nguri – nguri Paguyuban TUMAPAN inggih punika Pak Timbul (seda warsa 1999) warga RT 07 RW 03 Dusun Wangandowo Duwet.

Kangge ngaosi jasanipun Mbah Selap ingkang sampun kathah biyantu ing Dhusun Ngeang. Pramila bebrayan Ngeang maringi nami Desa punika kanthi nami “Duwet”. Amarga Mbah Selap asring nindhakaken seni sintren ing ngandhap wit duwet.

Penjelasan:

Itu Sejarah Asal Usul Desa Duwet Kecamatan Bojong Kabupaten Pekalongan

Sumber : Sesepuh Desa Duwet

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh BiyangChaw dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 27 Jun 21