tembang macapat uga diarani tembang?A. tembang tengahanB. tembang cilikC. tembang

Berikut ini adalah pertanyaan dari mikonue7 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tembang macapat uga diarani tembang?A. tembang tengahan
B. tembang cilik
C. tembang dolanan
D. tembang gedhe​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Tembang macapat iku uga diarani tembang cilik (Opsi B)

Pembahasan:

Tembang macapat iku karya sastra Jawa kang cara macane dilagokake lan kaiket dening paugeran. Tembang iku uga bisa diarani lagu. Macapat utawa maca papat-papat yaiku carane maca saben patang wanda. Paugerane tembang macapat antarane yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Tembang macapat iku cacahe ana 11, saben jenis tembang macapat iku duweni paugeran, watak, lan sasmitane dhewe-dhewe. Kang diarani watak ing tembang macapat yaiku gambaran ngenani sifat-sifat kang ana sajroning tembang macapat iku, misale sifate sereng, sedih, welas asih, lan liya-liyane. Yen sasmitane tembang yaiku tetembungan tertentu kang ana sajroning tembang kang iso nuduhake jenise tembang. Saliyane kaiket dening paugeran tembang macapat iku duwe titilaras lan cakepan.

Bab-bab kang digatekake nalika arep nembang macapat:

  • Mangerteni utawa nguwasani jenise tembang macapat.
  • Mangerteni tegese tembung kang ana sajroning tembang.
  • Ngerteni watak e saben tembang.
  • Mahami paugerane tembang.
  • Ngerteni tempo ne saben tembang.

Yen arep gawe tembang macapat ana tata carane, antarane yaiku:

  • Nemtoake tema utawa gagasan kanggo tembang.
  • Milih jenise tembang.
  • Nulis paurane tembang.
  • Gawe ukara sing selaras karo tembang macapat.

Tembang macapat iku duweni fungsi kanggo hiburan, kanggo pendidikan sastra jawa, kanggo iringan acara pentas tradisional, lan kanggo media nyampekake pitutur.

Pelajari lebih lanjut >>

=============================================================

Detail Jawaban

Kelas: -

Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

Bab: Tembang macapat

Kode soal: 13

 \:

#AyoBelajar

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aku8159 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 21 May 21