1. Rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu

Berikut ini adalah pertanyaan dari tafid41 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

1. Rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu tegese tartamtu lan dingerteni surasane diarani2. Tembung lingga sing mung sekecap utawa sawanda (suku kata) diarani tembung
7. Tembung lingga sing oleh panambang -a utawa tegese prentah diarani tembung
8. Tembung linggane disaponana yaiku.... oleh wuwuhan ..............

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu tegese tartamtu lan dingerteni surasane diarani . . .

➡️ Tembung.

2. Tembung lingga sing mung sekecap utawa sawanda (suku kata) diarani tembung. . .

➡️ Tembung wod.

7. Tembung lingga sing oleh panambang -a utawa tegese prentah diarani tembung. . .

➡️ Tembung agnya (pakon)

8. Tembung linggane disaponana yaiku.... oleh wuwuhan ....

➡️ Tembung linggane yaiku sapu, oleh wuwuhan ater-ater tripurusa (di-) lan panambang (-ana).

Penjelasan

{Tembung wod}

Tembung wod yaiku tembung sakecap sing wis duweni teges. Tembung wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda (suku kata) sing wis duwe teges utawa surasa diarani tembung...

Tuladhane :

  • Mung

→ Tembung munging dhuwur asale saka tembungnamung.

- Ukarane :

Mung diajari sithik wis padha mudeng.

  • Njur

→ Tembung njuring dhuwur asale saka tembungbanjur.

- Ukarane :

Njur awake dhewe kudu kepiye?

  • Lar

→ Tembung laring dhuwur asale saka tembungelar,

- Ukarane :

Lar pitik iku babuti dhisik!

  • => Lan isih akeh maneh tuladhane kayata : byak, tir, ring, cis, rong, bleng, cet, pil, tho, bom, lsp.

{Tembung agnya}

Agnya tegese kongkon, prentah, pakon.

→ ukara kang isine mrentah marang wong liya supaya nindakake pegaweyan.

  • Titikan tembung agnya :

1. Nggunakake tandha seru (!) ing pungkasane ukara.

2. Nggunakake panambang (akhiran) -a, -en, -na, utawa -ana.

Tuladha :

1. Mbak Lastri, gantinen klambi seragame banjur maem!

2. Sawise maem, banjur rapikna mejane!

3. Arif, jupukna buku kuwi!

4. Bukaken bukumu kaca 75!

5. Cah, aja lali sinaua!

{Panambang (Akhiran)}

Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Panambang iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene -ku, -mu, -e, -an, -i, -a, -na, -ana, -en, lan -ake.

» Tuladha :

  1. sepatu + -ku → sepatuku
  2. kursi + -mu → kursimu
  3. sega + -e → segane (*dudu segae)
  4. tulis + -an → tulisan
  5. suwek + -i → suweki
  6. tuku + -a → tukua
  7. sapu + -na → sapokna (*dudu sapuna)
  8. tali + -ana → talenana (*dudu taliana)
  9. garap + -en → garapen
  10. gawa + -ake → gawakake (*dudu gawaake)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Tembung wod, pangertene tembung, panambang, Tembung lingga

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 01 Aug 21