Lelabuhane Jathayusamana Sinta didhustha dening Rahwana. Jathayu ngrebut Sinta saka

Berikut ini adalah pertanyaan dari vanianggraini15 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Lelabuhane Jathayusamana Sinta didhustha dening Rahwana. Jathayu ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana. Jathayu
Prabu Dasarata kagungan kanca raket, peparabe Jathayu. Jathayu iku rajaning manuk. Nalika
kalah. Swiwine kiwa sengkleh, wulune dibrodholi, ditendhang tumiba ing bantala nganti kejet-kejet.
Jathayu menggeh-menggeh lan megap-megap meh mati, ewasamana isih bisa nyritakake lelakone
apadene parane Rahwana. Durung nganti rampung anggone crita, Jathayu tumekaning pati
. Jathayu
banjur kaobong dening Rama, keluke geni ngener
tumuju menyang negara Alengka lan keprungu swara
tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta. Sajrone ati satriya bagus iku ora leren-leren
anggone ngalembana marang lelabuhane Jathayu.
Wangsulana adhedhasar wacan ing ndhuwur!
a. Jathayu iku kapernah apane Prabu Dasarata?
b. Kepriye kahanane Jathayu sawise ngrebut Sinta?
c. Sawise jasate Jathayu kaobong banjur krungu swara, apa isine swara kasebut?
d. Dewi Sinta iku sejatine garwane sapa?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  • a. Jathayu kapernah dadi kanca raket karo Prabu Dasarata.
  • b. Kahanane Jathayu sengkleh amarga swiwine kiwa tugel, wulune dibrodholi, katendhang tumiba ing bantala nganti kejet-kejet. Jathayu menggeh-menggeh lan megap-megap meh mati.
  • c. Krungu swara tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta.
  • d. Sejatine garwane Prabu Rama.

Penjelasan

a. Kanca raket iku tegese kanca cedhak. Dadi, Jathayu iku kapernah dadi kanca cedhake Prabu Dasarata.

b. Sengkleh tegese rusak, tugel. Kahanane Jathayu nganti perang lawan Prabu Rahwana, nanging wusanane kalah.

c. Saka wacan bisa dingerteni, "Keluke geni ngener tumuju menyang negara Alengka lan keprungu swara tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta. Sajrone ati satriya bagus iku ora leren-leren anggone ngalembana marang lelabuhane Jathayu."

d. Dewi Sinta iku garwane Prabu Ramayana.

  • Garwane tegese bojone.
  • Peparabe tegese jeneng liyane.
  • Ngalembana tegese nyanjung, muji, ngalem.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Rama, Sinta, Jathayu, Dasarata, Rahwana

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21