kuis Spesial kanggo sing bisa basa Jawa hihi ^^______________dadekna Teks

Berikut ini adalah pertanyaan dari unknown pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Kuis Spesial kanggo sing bisa basa Jawa hihi ^^______________
dadekna Teks Basa ngoko iki dadi basa krama :

1. Bapak Mangan Telo goreng
2. Simbah loro untu
3. ibu lagi turu
______________
Peraturan seperti biasa

#Gabisa bahasa Jawa baku
#sing iso wae ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Bapak dhahar tela goreng.
  2. Eyang gerah waja.
  3. Ibu nembe sare.

Penjelasan

  • Kanggo nomer 1, "tela" iku kramane bodin. Nanging, luwih umum basa kramane tetep 'tela'.
  • "lagi" iku Krama aluse nembe, dene Krama lugune saweg.

____________________

  • Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku :

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi panjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Kula tumbas buku dhateng toko Wijaya.

☞ {Krama Lugu}

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Titikan/Ciri-ciri Krama Lugu :

- Tembung-tembunge krama ora kecampur Krama Inggil

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi sampeyan.

Tuladha :

1. Sampeyan sampun nedha kalih napa?

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 14 Jul 21