Tulisen ukara-ukara ing ngisor iki dadi dadi basa krama kang

Berikut ini adalah pertanyaan dari jameseden038gmailcom pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tulisen ukara-ukara ing ngisor iki dadi dadi basa krama kang trep!a. Bapak tuku sate sapi ning alun-alun kutha Magelang
b. Ibu bali seko pasar Gotong Royong jam wolu.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Krama.

a. Bapak tuku sate sapi ning alun-alun kutha Magelang.

➡️ bapak tumbas sate lembu ten alun alun kutha Magelang.

b. Ibu bali seko pasar Gotong Royong jam wolu.

➡️ ibu wangsul saking peken gotong royong jam wolu.

__________________

Pembahasan

Mangerteni unggah ungguh basa.

Unggah ungguh basa kaperang ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake.

Tuladhane :

  • ibu mulih saka omahe pakdhe.
  • bapak lunga menyang Surabaya.

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake.

Tuladhane ;

  • ibu kondur saka daleme pakdhe.
  • bapak tindak menyang Surabaya.

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake.

Tuladhane :

  • ibu wangsul saking griyane pakdhe.
  • bapak kesah ten surabaya.

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane).

Tuladhane :

  • ibu kondur saking dalemipun pakdhe.
  • bapak tindak dhateng Surabaya.

★ catetan

basa Krama iku uga diarani basa Krama lugu, menawa basa Krama Inggil diarani basa Krama Alus.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 12 Sep 22