Contoh wuwuhan gabung

Berikut ini adalah pertanyaan dari abimrizki pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Dasar

Contoh wuwuhan gabung

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Ater-ater

Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang dumunung aneng sangarepe

tembung.

Warna-warnaning ater-ater yaiku:

a. Ater-ater anuswara: an, am, any, ang (m, n, ny, ng)

Tuladha:

- an + tonton = nonton

- am + pinggir = minggir

- any + setor = nyetor

- ang + andhep = ngadhep

b. Ater-ater tripurusa: dak-, ko-, di-

Tuladha:

- dak + gayuh = dakgayuh

- ko + gawe = kogawe

- di + angkat = diangkat

c. Ater-ater liyane: a-, ma-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, kuma-, kapi-, tar-

Tuladha:

akarya, makumpul, katuku, sakantor, pomah, pituduh, pratandha,

priagung, kumalancang, kamiseseg, kapiluyu, tarkadhang

2. Seselan

Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana setengahe tembung.

Seselan ing basa jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-

Tuladha:

- titah + -um- = tumitah

- tutuh + -in- = tinutuh

- dewer + -el- = delewer

- cuwil + -er- = ceruwil

3. Panambang

Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing samburine

tembung. Dene wujude panambang: -i, -ake, -ne, -e, -a, -ana, -ku,

-mu, -en. Kajaba saka iku isih akeh panambang saka basa manca

kayata man, wan, wati, isme.

Tuladha:

milihi, nitipake, nukokake, kabare, mikira, tutupana, ibuku, sapimu,

tebasen, seniman, sastrawan, seniwati, sosialis, kapilaisme

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Personalify dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 19 Jul 22