contoh iklan menggunakan bahasa jawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari destyaa pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Contoh iklan menggunakan bahasa jawa

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Tuladha iklan (pariwara) > wonten ing gambar.

"MAK-NJUS"

WIWIT 2020

Seneng jus nanging wedi diabetes?

Iki solusine...

Jus enak, digawe saking buah-buahan asli mboten ngangge pemanis buatan.

Rasane seger...

Regane murah lan manfaate kathah.

Manfaat :

1. Ngatasi babagan pencernaan,

2. Ngurangi diabetes,

3. Ningkataken kekebalan awak, lan sapiturute.

100% Asli

Penjelasan:

Iklan

Iklan (pariwara) yaiku upaya promosi utawa ngawehi ngerti babagan barang/ jasa kang nduweni maksud supaya tertarik marang produk/jasa kang ditawaraken. Biasane iklan dipasang teng papan panggonan kang bisa dideleng wong akeh utawa dipasang teng media massa kayata radio, majalah, tv, lan sapiturute.

Ciri-cirine Iklan (pariwara)

  1. Ngunakake kata ingkang logis, menarik, singkat, tepat, lan uga sopan.
  2. Isine nginformasikaken produk barang/jasa kang ditawaraken.
  3. Ngemot kata kang nduweni sugesti kanggo wong umum.
  4. Ngunakake kata kang nunjukaken sasaran pasar.

Syarat-syarate Iklan (pariwara)

  • Ngunakake bahasa sing gampang dipahami lan uga gambang dimangerti.
  • Jujur lan obyektif.
  • Menarik perhatiane wong akeh.
  • Mboten ngemot kata kang nyinggung wong lia utawa pihak-pihak lia.

Jenis-jenise Iklan (pariwara)

1. Iklan Cetak, yaiku iklan kang dipasang ing media cetak kayata : majalah, tabloid, koran, lsp. Iklan Cetak miturut ruang kang dinggo media majalah, tabloid, koran uga wonten 2 bentuk, yaiku :

  • Iklan baris : iklan kang ditulis ing sejumlah baris. Biasane namung 3 utawa 4 baris lan nduweni luas namung 1 kolom. Amarga regane perbaris murah, uga informasi kang disampaikaken ngangge bahasa singkat, sederhana lan akeh maknane. Tuladha : iklan lowongan kerja, produk barang/jasa tertentu.
  • Iklan kolom : iklan kang didesain namung 1 kolom. Levele sak nduwure iklan baris mergo iklan kolom dilengkapi ngangge lambang, simbol, gambar kang ndukung isine iklan kasebut. Tuladha : iklan lowongan kerja utawa produk barang/jasa tertentu.

2. Iklan elektronik, yaiku iklan kang dipasang ing media elektronik.

  • Iklan tv (jenising iklan kang arupa gabungan gerak, gambar, lan suara uga dipasang teng tv. Sehinggo saged dipun mireng lan dideleng).
  • Iklan perusahaan (jenising iklan kang tujuane kangge mbangun citrane perusahaan khususe barang/jasa kang diproduksi perusahaan kasebut supados masyarakat bisa tuku).
  • Iklan Radio (jenising iklan kang nggunkake gabungan efek suara lan kata-kata kang dipun mireng uga dipasang lewat radio).
  • Iklan Advetorial (iklan kang digawe kaya berita).
  • Iklan Internet (jenising iklan kang dipublikasiken teng internet uga bisa dipun mireng lan dideleng).
  • Iklan layanan masyarakat (iklan kang tujuane ngehadiraken layanan kanggo masayarakat supados ngimbau/ ngajak nglakukaken/ mboten nglakukaken sesuatu).

»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»

Pelajari Lebih Lanjut :

Materi Drama

Materi Layang

Detail Jawaban :

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 11

Materi : Iklan/ Pariwara

Kode kategorisasi : 11.13

Kata kunci : Pengertian, Syarat, Ciri-ciri, Jenis, Tuladha Iklan (pariwara)

#Optiteamcompetition

Jawaban:Tuladha iklan (pariwara) ——> wonten ing gambar.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aischusniati15 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 03 Jan 15