tolong,saya minta bantuannya​

Berikut ini adalah pertanyaan dari CicakMalam pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tolong,saya minta bantuannya​
tolong,saya minta bantuannya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Maskumambang

Paugeran: 12i, 6a, 8i, 8a

Watake: Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nelangsa karanta-ranta.

2. Mijil

Paugeran: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

Watake: Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.

3. Sinom

Paugeran: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

Watake: Grepyak, renyah, kanggo sesorah lan mituturi.

4. Kinanthi

Paugeran: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

Watake: Seneng, tresna lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara.

5. Asmaradana

Paugeran: 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

Watake: Sedhih, sengsem, prihatin amarga ketaman ing rasa asmara.

6. Gambuh

Paugeran: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Watake: Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng amarga wis keduga.

7. Dhandhanggula

Paugeran: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

Watake: Luwes, resep, lumarahe kanggo bebuka, medharake piwulang.

8. Durma

Paugeran: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

Watake: Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo carita perang.

9. Pangkur

Paugeran: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

Watake: Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.

10. Megatruh

Paugeran: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

Watake: Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa getun.

11. Pocung

Paugeran: 12u, 6a, 8i, 12a

Watake: Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakapenake, tanpa kamempengan.

________________________

Pembahasan

Tembang macapat: yaiku tembang tradisional ing tanah Jawa. Diarani tradhisional amarga kaiket dening guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Paugeran tembang macapat

➢ Guru gatra yaiku cacahing gatra ing saben sapada.

➢ Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra.

➢ Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Tembang macapat ana 11, yaiku:

  1. Maskumambang
  2. Pocung
  3. Megatruh
  4. Gambuh
  5. Mijil
  6. Kinanthi
  7. Durma
  8. Pangkur
  9. Asmaradana
  10. Sinom
  11. Dhandhanggula

Detail Jawaban

Mapel: B. Daerah

Kelas: 7

Materi: Nulis Aksara Jawa

Kode: 7. 13. 7

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21