sebutno 5 struktur teks drama bahasa jawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari fanaya321 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Sebutno 5 struktur teks drama bahasa jawa

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban :

Struktur Teks Drama :

» Babak (episode), yaiku bagian saking naskah drama kang awujud rangkuman peristiwa utawa kedadeyan ing sawijine panggonan ngangge urutan wektu tertentu.

» Adegan, yaiku bagian saka drama kang nunjukaken owahaning peristiwa. Dipun tandai kalih pergantian tokoh, setting utawa wektu.

» Dialog, yaiku bagian naskah drama kang arupa pocakapan saking para tokoh siji lan sijine.

» Prolog, yaiku gambaran umum ngenani drama kang arep dilakoni.

» Epilog, yaiku kesimpulan saking drama kang dilakoni lan biasane muat makna lan pesan saking pengarang marang penonton.

Penjelasan :

"Drama"

Drama yaiku kalebu jenis karya sastra kang nggambarake kedadeyan urip manungsa lewat peragaan dening tokoh ingkang nduweni watak/ tingkah laku lan ngelibataken konflik sajroning cerita. Drama ditulis ngangge bentuk dialog-dialog antar tokoh.

Struktur Teks Drama :

» Babak (episode), yaiku bagian saking naskah drama kang awujud rangkuman peristiwa utawa kedadeyan ing sawijine panggonan ngangge urutan wektu tertentu.

» Adegan, yaiku bagian saka drama kang nunjukaken owahaning peristiwa. Dipun tandai kalih pergantian tokoh, setting utawa wektu.

» Dialog, yaiku bagian naskah drama kang arupa pocakapan saking para tokoh siji lan sijine.

» Prolog, yaiku gambaran umum ngenani drama kang arep dilakoni.

» Epilog, yaiku kesimpulan saking drama kang dilakoni lan biasane muat makna lan pesan saking pengarang marang penonton.

Jenis-jenis Drama :

Miturut penyajian

  1. Drama tragedi (drama kang nyritakake duka utawa kesedihan).
  2. Drama komedi (drama kang lucu).
  3. Drana tragekomedi (gabungan drama saking drama komedi lan tragedi).
  4. Drama Opera (drama kang diiringi lagu lan dialogipun ditembangaken).
  5. Melodrama (drama kang diiringi lagu sawektu dialog diucapaken).
  6. Drama tablo (drama kang tokohipun ngucapake dialog namung luwih nglakokake gerakan tinimbang dialoge).
  7. Drama Farce (drama kayata dagelan).
  8. Drama Sendratari (gabungan drama lan seni tari).

Miturut sarana pementasan

  1. Drama panggung (dilakokake ing panggung).
  2. Drama radio (namung saged dirungokake lewat radio).
  3. Drama boneka (diperanaken dening boneka).
  4. Drama wayang (drama kang diiringi pagelaran wayang).
  5. Drama televisi (drama kang ana ing televisi).
  6. Film drama (drama ingkang ditampilaken sajroning layar lebar/ bioskop).

Miturut mboten lan wontene naskah

  1. Drama tradisional (dipentasaken mboten nganggo naskah).
  2. Drama modern (drama kang dipentasaken nganggo naskah).

»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»

Pelajari lebih lanjut :

Pengertian, Unsur dan Ciri-ciri Drama

Detail Jawaban :

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 11

Materi : Drama

Kode Kategorisasi : 11.13

Kata Kunci : Pengertian, Struktur, dan Jenis-jenis Drama

#Optiteamcompetition

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aischusniati15 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 06 Jun 17