buatkan legenda pendek menggunakan bahasa jawa ​

Berikut ini adalah pertanyaan dari daffanurfalah25 pada mata pelajaran Biologi untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Buatkan legenda pendek menggunakan bahasa jawa ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Keong Mas

Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan. Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.

Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti.

“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugimugi inggal kalis saking prahara punika.”

Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat.

“Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watuwatu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo.

Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kami tenggengen amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone. Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina. Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone.

Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarangdarang ing alas lan jilmo Keong Mas?”

“Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala, Raja Inukerta, aranku Candrakirana”

“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu?”

Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali.

Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta. Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat. Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh ekowarung056 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 31 May 23