B. Wangsulana kang patitis!Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 6-15.Assalamualaikum

Berikut ini adalah pertanyaan dari melanysaputri67 pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

B. Wangsulana kang patitis!Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 6-15.
Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuhu.
Nuwun
Bapak Ibu Kepala Sekolah SD Negeri 1 Mekar ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru SD
Negeri 1 Mekar saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal
menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika Kemis Legi 10 Juni
2020 kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan wonten ing pahargyan PERPISAHAN
SISWA KELAS VI. Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula
sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika. Kula sakanca naming saged memuji, mugi-
mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang
Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan
ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna
kanthi biji ingkang maremaken. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula
sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya. Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-
adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti
Allah, Amin.. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa
ingkang boten mranani penggalih. Kupat bumbune santen, sedaya lepat nyuwun
pengampunten. Nuwun.
Wassalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuhu.
pertanyaan;
6. Kapan sesorah iku mau ditindakake?
7. Apa acarane mau?
8. Sapa wae sing rawuh ing acara mau?
9. Kepriye unine parikan ing pungkasaning sesorah mau?
10. Tulisen ucapane salam pautup sesorah iki!
11. Apa sebabe sing sesorah nyuwun pangapura?
12. Apa tegese tembung ngulawentah?
13. Apa isine sesorah iku?
14. Gawea ukara nganggo tembung sugeng rawuh!
15.Terusna parikan iki manuk emprit, menclok godhong tebu!
tolong!
​​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Kedawan niku Kulo ruwet utek e -_-

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh hanintnisa dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 03 Jun 21