Buat teks pidato perpisahan kelas 6 sd bahasa jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari cicitriasti363 pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Buat teks pidato perpisahan kelas 6 sd bahasa jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Penjelasan :

Pidhato Ing Acara Perpisahan

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bapak Kepala Sekolah Ingkang Kula Kurmati, Bapak Ibu Guru Lan Staf Usaha Ingkang Kinurmatan, Lan Kanca - Kanca Ingkang Kula Tresnani. Muji Syukur Kanthi Rahmating Gusti Allah Swt. Ing Wekdal Punika, Panjenengan Lan Kula Taksih Pinaringan Kawilunjengan, Kasarasan, Saha Karaharjan Saengga Saged Makempal Ing Aula Sekolah Punika Tanpa Alangan Satunggal Punapa.

Bapak, Ibu Guru, Saha Rencang Sedaya Ing Bagya Mulya, Saderengipun Kula Matur, Sewu Lepat Nyuwun Agunging Pangapunten Dene Kula Ngadheg Wonten Ngarsa Panjenengan Sedaya. Ingkang Sak Lajengipun, Kula Nyulihi Rencang - Rencang Ngaturaken Gunging Panuwun Dhumateng Bapak, Ibu Guru Ingkang Sampun Nyengkuyung Saha Ngrawuhi Acara Punika. Ugi Atur Panuwun Dhumateng Rencang Saha Adhik - Adhik Ingkang Sampun Paring Pambiyantu Amrih Kalaksanipun Acara Ing Dinten Menika.

Bapak Ibu Guru Ingkang Kula Kurmati, Kula Sak Rencang Siswa Kelas Enem Ngaturaken Gunging Panuwun Awit Panggula Wenthah Saha Sedaya Wucalan Ingkang Sampun Kaparingaken Dhumateng Kula Sak Rencang Sedaya. Dene Kula Sak Rencang Mboten Saged Atur Piwales Punapa - Punapa Kajawi Namung Atur Panuwun Ingkang Tanpa Pepindhan.

Para Putra Namung Saged Nyuwun Dhumateng Allah Mugi - Mugi Paring Piwales Dhumateng Sedaya Kesaenanipun Bapak Ibu Guru Sedaya. Amin. Kajawi Punika, Para Sedaya Nyuwun Samudra Pangaksama Menggah Sedaya Kalepatan, Dosa, Kekhilafan, Ingkang Kasengaja Menapa Ingkang Mboten. Mugi - Mugi Bapak Saha Ibu Guru Kersa Paring Pangapunten.

Kula Sedaya Nyuwun Tambahing Donga Pangestu Saking Bapak Ibu Guru Supados Saged Nglajengaken Sinau Wonten Ing Pawiyatan Ingkang Salajengipun. Kangge Adhik - Adhik Kelas, Pesen Kula Supados Sregep Sinau Lan Mituhu Dhumateng Bapak Ibu Guru. Kanthi Menika Mugi - Mugi Sekolah Kita Punika Saged Ngasilaken Generasi Ingkang Pinter, Berbudi Luhur, Lan Migunani Tumrap Tiyang Sepuh Kekalih, Negara, Lan Agaminipun.

Mbok Menawi Cekap Semanten Atur Kula, Sedaya Kalepatan Nyuwun Pangapunten.

Matur Nuwun.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh veronicaicaicu dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 15 Jul 21