Bab Wigati maca geguritan: 1) Wirasa 2)wirama 3)wyanjana 4)wiraga 5)wicara

Berikut ini adalah pertanyaan dari Tuticitradewi7084 pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Bab Wigati maca geguritan: 1) Wirasa 2)wirama 3)wyanjana 4)wiraga 5)wicara Bab kang perlu di gateke nalika maca geguritan yoiku A. 1,2,3 B. ,2,3,4 C. 2,4,5 D. 3,4,5

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

pertanyaan:

Bab Wigati maca geguritan:

1) Wirasa

2)wirama

3)wyanjana

4)wiraga

5)wicara

Bab kang perlu di gateke nalika maca geguritan yoiku

A. 1,2,3 ❌

B. ,2,3,4 ❌

C. 2,4,5 ✅

D. 3,4,5 ❌

jawaban:

C. 2,4,5

penjelasan:

GEGURITAN

Struktur Geguritan Teks geguritan kadhapuk saka rong struktur yaiku struktur fisik lan struktur batin:

1. Struktur fisik

a. Tipografi (Bentuke geguritan) yaiku wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwiti aksara gedhe, sarta ora kudu dipungkasi tandha titik / tandha pawacan liyane.

b. Diksi (pilihane tembung) yaiku pamilihane tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa negesi pirang- pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung

c. Imaji (Pengungkapan Pengalaman Indrawi) yaiku rerangken tetembungan ing geguritan bisa memberikan pengalaman indrawi, kayata: paningal, pangrungon, lan pangrasa. Mahanani pamaos bisa kagawa ing swasana kaya kang malaysia panggurit.

d. Tembung konkret yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji, tembung kongkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) utawa pralambang. Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing swasana esuk, Isp.

e. Busananing hasa / Lelawaning basa (gaya bahasa) yaiku panggonane basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan. Busanane basa ing geguritan bisa arupa basa rinengga kang maneka warna.

f. Purwakanthi (rima) yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah, utawa ing pungkasaning gatra (larik).

2. Struktur Batin

a. Tema / makna (pengertian) yaiku kekarepan utawa maksud tartamu kang kinandhut ing saben tembung, gatra (larik), pada (umpan), lan sakabehe pada ing geguritan.

b. Wirasa (perasaan) yaiku pandungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut ing geguritan kang ditulis Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan iki ana sambung rapete karo blegere (ukuran / latar belakang) panggurit, yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, Jenis kelamin , kelas sosial, jabatan di peringkat masyarakat; umur. pengalaman sosiologis lan psikologis, lan kawruh (pengetahuan) panggurit Kekarepan isining geguritan jeroning makna kang hisa didungkap ing geguritan kasebut bisa gumantung saka latar belakang panggurit

c. Wirama (Nada) yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte (mendikte), kerja sama, ngudhari prakara (mecahake masalah), masrahake (mborong kersa) marang para maos, Isp.

d. Amanat yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaos.

Maca Geguritan

Yen arep maca geguritan, kang baku kudu mangerteni sarta mahami teges lan karepe tetembungane. Luwih prayoga maneh yen diapalake, saora-orane setengah apal. Supaya pamacane bisa krasa luwih nges lan ana gregete, coba gatekake bab-bab ing ngisor iki.

1. Wirama (irama / lagu)

Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane olok-olok, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.

2. Wirasa (rasaning swasana ati)

Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane

3. Wiraga (obahing awak)

Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.

4. Wicara (pocapan)

pocapan utawa kedaling swara kudu cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung

semoga membantu...

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh alfian3735 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 12 Jul 21