tolong ringkas kan cerita timun mas dan jaka Tarub dalam

Berikut ini adalah pertanyaan dari auliatanggungharjo pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

tolong ringkas kan cerita timun mas dan jaka Tarub dalam bahasa Jawa ngoko secepetnya hari ini dikumpulkan terimakasih ku kasih 50 poin yg jawab​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Timun mas

Biyen ana randha sing jenenge Mbok Rondo, dheweke durung duwe anak. Banjur sawise sholat, dheweke mlaku ing alas lan ketemu raksasa lan diwenehi wiji timun emas. Raksasa kasebut bakal menehi pandonga marang Mbok Rondo supaya duwe anak nanging dheweke kudu diparingake maneh marang raksasa nalika bocah isih remaja. Mbok Rondo setuju. Ora let suwe, winih timun emas sing ditandur Mbok rondo duwe woh gedhe lan diwenehi jeneng Timun Mas. Sawise bungah 17 taun, raksasa kasebut bali nemoni Mbok Rondo kanggo njupuk Timun Mas. Atine Mbok Rondo ora sabar ngerti yen putrane mbesuk bakal dadi panganan buta. Dheweke dhawuhe anake supaya lunga nggawa 4 gaman sing diwenehi pertapa kanggo ngrusak raksasa kasebut. Siji mbaka siji Timun Mas mbuwang senjatane nanging raksasa kasebut

isih bisa lolos. Banjur nganggo gaman pungkasan, Timun Mas mbuwang tempel udang sing langsung dadi genangan lendhut, raksasa jebule Lan Timun Mas urip seneng bareng Mbok Rondo.

Jaka Tarub

Mbok Randa duwe anak siji-sijine, jenenge yaiku Jaka Tarub. Jaka Tarub dadi bocah remaja sing gagah lan bagus rupane. Dheweke seneng berburu ana ing alas. Pas dheweke berburu ana kali, dheweke weruh bocah wedok akeh sing padha adus ning kali. Banjur salah sijine slendhang bocah wadon kuwi dijupuk Jaka Tarub. Jubulane wong wadon kuwi bidadari saka khayangan. Bidadari sing jenenge Dewi Nawang Wulan bingung goleki selendhange sing ilang. Amarga dina kuwi wis wayah surup, bidadari-bidadari padha munggah ana ing khayangan lan ninggal Dewi Nawang Wulan dhewe ning kana. Banjur Jaka Tarub metu saka padhelikane lan ngajak Dewi Nawang Wulan bali ana ing omahe.

Akhire saya suwe, Dewi Nawang Wulan lan Jaka Tarub dadi bebojoan, lan duweni anak siji. Senajan Dewi Nawang Wulan ora bisa balik ning khayangan, nanging dheweke iseh tetep bidadari sing duweni kesaktian. Dheweke iso gawe sega mung nganggo sak glintir beras. Dewi Nawang Wulan iso nglakoni kuwi yen ora ana wong sing weruh. Nanging merga Jaka Tarub penasaran akhire wakul segane dibukak lan Dewi Nawang Wulan keilangan saktine. Dheweke arep masak sega bingung meh nganggo cara apa banjur diajari Mbok Randa. Pas Dewi Nawang Wulan golek kendhi kanggo ngesusi berase, kaget merga nemu slendhange ana ing jero kendhi cilik mau. Jaka Tarub ngaku yen dheweke sing wis dhelike slendhange. Dewi Nawang Wulan kuciwa lan akhire dheweke mileh balik ning khayangan lan ninggalke Jaka Tarub karo anake sing iseh cilik.

JANGAN LUPA JADIKAN JAWABAN TERBAIK

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh SIBEGO888 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 30 Jan 22