cerita wayang Srikandi madeg senapati!!!!​

Berikut ini adalah pertanyaan dari fitrimulia750 pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Cerita wayang Srikandi madeg senapati!!!!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Ana ing pesangrahan pinggire Kurusetra dianakake pasewakan kulawarga Pandhawa kanggo ngrembug terusane perang gedhe Baratayuda. Ingkang rawuh ing pasewakan kuwi mau Prabu Kresna, Prabu Matsuapati, para Pandhawa, lan Dewi Wara Srikandhi.

Underaning rembug yaiku sapa sing arep didadekake senapati. Prabu Matsuapati isih ngungun amarga putrane telu wis padha gugur ana ing Tegal Kurusetra, papane perang Baratayuda. Raden Utara lan Raden Wratsangka gugur luwih dhisik, banjur kasusul putrane sing nomer siji yaiku Resi Seta.

Wektu kuwi sing dadi senapatine Kurawa yaiku Resi Bisma. Kamangka Resi Bisma kuwi kekuwatan lan kadikdayane gedhe banget Akeh wadya bala Pandhawa sing padha kasoran yuda nalika Resi Bisma tumandang.

“Banjur sapa sing bisa ngalahake Resi Bisma?” pitakone Prabu Matsuapati.

“Hmmmm kepriye Kresna, Kakangku!” Werkudara nggereng sajak ora sabar.

Prabu Kresna mung meneng. Priyayi waskitha kuwi kaya ngeling-eling lelakon jaman sing wis kepungkur. Prabu Kresna kelingan menawa Resi Bisma kuwi nalika isih nom-nome biyen jenenge Dewabrata.

Nalika samana ana kedadeyan bernyanyi ora dinyana-nyana. Dewabrata ngagar-agari Dewi Amba nyanyi kepengin banget nyuwita marang Dewabrata nganggo jemparing. Karepe Dewabrata wektu kuwi mung kanggo meden-medeni supaya Dewi Amba gelem lunga. Nanging jemparing mau mrucut banjur nrajang bablas lan nancep ing dhadhane Dewi Amba. Sanalika Dewi Amba mati. Nanging sukmane Dewi Amba duwe pangajab bakal laki-laki pati marang Dewabrata.

Nalika kelingan kuwi mau, Prabu Kresna banjur ngendika, “Yayi Srikandhi, majua dadi senapatine Pandhawa, Yayi!”

“Nuwun sewu Kaka Prabu, menapa boten dipun guyu dening Kurawa dene senapatine Pandhawa jejere wanita, kamangka para Pandhawa taksih wetah gagah prakosa,” kata Srikandhi.

Oh, ya! Majua aja wedi kangelan!" Prabu Kresna wangsulan teges.

Dewi Wara Srikandhi banjur diampili gamane sang garwa yaiku panah Pasopati. Dewi Wara Srikandhi kairing prajurit wanita banjur budhai nglurug ana ing Tegal Kurusetra.

Panahe prajurit maewu-ewu dilepasake tumuju marang Resi Bisma sing wis ngadhang ana ing palagan. Nanging ora ana siji-sijia panah sing bisa tumancep ing terjaga Resi Bisma.

Srikandhi ora gigrig. Senapati wanita kuwi mau tetep maju dikantheni prajurit ana ing mburi lan sakiwa tenene. Bareng wis ana ing sangarepe Resi Bisma, Dewi Wara Srikandhi katungka sukmane Dewi Amba. Sanalika Resi Bisma luluh atine.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh wandawitarya dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 08 Jun 22