rangkuman Anoman duta​

Berikut ini adalah pertanyaan dari adamanshoedha pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Rangkuman Anoman duta

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

ANOMAN DHUTA

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.

Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.

Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.

Ing tengahing laku Anoman nglewatidalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng ero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjUr kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku nganti Anoman mijil kamane lan ceblok ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening Dewi Trijatha kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing bengawan banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing Negara Guwa Pratala lan ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang dijenengi Raden Triyangga.

Penjelasan:

MAAF KALO BANYAK

SUSAH NGERANGKUMNYA

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh ekasugiarta40 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 01 Jan 22