Ajar Nyemak Wacan iki semaken! Candhi Borobudhur Hani bocah kelas

Berikut ini adalah pertanyaan dari aisyahnurrahmah615 pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Dasar

Ajar Nyemak Wacan iki semaken! Candhi Borobudhur Hani bocah kelas VI ing SD Nusantara, Kabupaten Sleman. Nalika Sludi Wisata ing wulan kepungkur, Hani karo kanca-kanca kelase menyang Candhi Borobudhur, Candhi Borobudhur iku candhi kang misuwur kalebu kaelokaning donya. Candhi Borobudhur papane ana ing Kabupaten Magelang ora adoh seka Sleman, Kulon Progo, lan Purworejo. Candhi digawe nalika jaman Prabu Smaratungga seka kerajaan Mataram Hindhu. Tekan candhi, Hani rumangsa nggumun marang Candhi Borobudhur. Dheweke gumun dene candhi sing klebu candhi Budha iku adhedasar panalitian para winasis, umure wis ewunan taun ananging iseh endah kukuh bakuh gagah prakoso merbawani. Anane Candhi Borobudhur dadi salah swijine bukti menawa bangsa Indonesia ing nalika semana duweni kabudayan kang adi luhung. Kajaba kanggo papan pariwisata, candhi Borobudhur iku minangka papan pamujan marang Sang Budha Gautama lan tirakatan wong-wong Budha. Nalika ngayahi tirakat, lakune diwiwiti saka perangan dhasar candhi kanthi mlaku ngubengi yasan candhi tumuli munggah menyang pucuking candhi ngliwati telung tataran simbulis ing kosmologi Budha: Kamadhatu, Rupadhatu, lan Arupadhatu. Ing Candhi Barabudhur, wong kang teka ngliwati undhak-undhakan kang akeh cacahe lan lurung-lurung kang tembok-tembok lan langkan- langkane ana relief. Relief ing Barabudhur dadi kumpulan relief Budha kang gedhe lan pepak dhewe sajagat. Ing Pucuking candhi ana stupa paling gedhe sing dadi mahkotaning candhi. Ana uga stupa sing njerone ana reca Budha kanthi sikep sila teratai lan mudra Dharmachakra mudra. IV. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor ikil 1. Ing ngendi dununge Candhi Borobudhur? Wangsulan: 2. Genea tekan candhi, Hani rumangsa nggumun marang Candhi Borobudhur? Wangsulan: ..... 3. Borobudhur iku candhi sing digunakake minangka papan kanggo apa? Wangsulan: .......... 4. Relief ing Barabudhur dadi kumpulan relief Budha kang gedhe lan pepak dhewe sajagat. Tegese tembung sing dicetak kandel, yaiku .... Wangsulan: ............ 5. Anane Candhi Borobudhur dadi salah swijine bukti menawa bangsa Indonesia ing nalika semana kepiye? Wangsulan:...​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

help banyak banget

maka baca

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh kirana7415 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 27 Jan 22