masing2 10 yaa, nanti difollow​

Berikut ini adalah pertanyaan dari brahmanaadi070707 pada mata pelajaran Bahasa lain untuk jenjang Sekolah Dasar

Masing2 10 yaa, nanti difollow​
masing2 10 yaa, nanti difollow​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

CANGKRIMAN

1. Kablak ketan tegese nangka tiba ning suketan.

2. Kicak ketan yaiku kaki macak iket-iketan.

3. Pindhangkileng tegese sapi nang kandhang, kaki mentheleng.

4. Langdikum ditasbir yaiku lulang dikum dientas njebibir.

5. Ling cik tu tu ling ling yu yaiku maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu.

6. Manuk biru yaiku pamane punuk bibine kuru.

7. Nituk lersure tegese nini ngantuk diseler susure.

8. Pak boletus yaiku tapak kebo ana lelene satus.

9. Pak bomba pak lawa pak piut tegese tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut.

10 Pak kenthik yaiku tapak teken sithik.

11. Pindhang kileng tegese sapi ning kandhang kaki mentheleng.

PARIKAN

1. Banyu nang talang, nyampuri santen

Aku rung madang, dadi kencoten

2. Dodolan kayu, karo dodolan kacu

Raimu ayu, nek ora karo gincu

3. Duwe sedulur, pada ketemu

Atiku mabur, weruh sliramu

4. Siki fisika, mangke kimia

Aku wis teka, kowene lunga

5. Kiwene kopling, tengene rem gas

Mantan ra penting, usah dibahas

6. Wedange kencur, mangane ampyang

Wateke jujur, uripe gampang

7. Sambi ngopi, mangan tahu isi

Ati sepi, langka sing ngisi

8. Tukune jamu, nang daerah magelang

Suwe ra ketemu, sayange wis ilang

9. Kembang adas, sumebar ing tengahing alas

tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras

10. Manuk kutut, manggunge banter

Yen ra manut, bisa keblinger

PARIBASAN

1. Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe.(artinya; setiap tempat atau daerah mempunyai adat dan aturan sendiri-sendiri)

2. "Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.(artinya; meskipun bukan saudara atau orang lain jikalau terkena musibah juga ikut merasakan kesedihan dan penyesalan).

3. "Durung pecus keselak besus", tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi.(artinya; belum pandai dalam bekerja, tetapi sudah berkeinginan macam-macam).

4. "Entek amek kurang golek", tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa saenteke.(artinya; memarahi atau mencerca seseorang habis-habisan).

5. "Garang-garing", tegese ketoke katon sugih, ananging sajatine rekasa uripe utawa kacingkrangan panguripane.(artinya; kelihatannya kaya raya, tetapi sebenarnya hidupnya menderita atau kekurangan).

6. "Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh", tegese sanajan anggone nindakake sakepenake wusane kaleksanan kanthi becik wusanane.(artinya; meskipun bertindak semaunya sendiri tetapi dapat terlaksana dengan baik dan lancar).

7. "Njajah desa milang kori", tegese lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani.(artinya; bepergian jauh menjelajahi pelosok negeri semua sudah didatangi).

8. "Jalukan ora wewehan", tegese wong senengane njaluk, nanging ora gelem weweh utawa menehi.(artinya; orang yang suka meminta, tetapi tidak mau berbagi atau memberi).

9. "Jer basuki mawa beya", tegese samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat utawa biaya.(artinya; setiap keinginan atau cita-cita pasti membutuhkan biaya).

10. "Njunjung ngentebake", tegese wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake.(artinya; orang yang suka memuji, tetapi sebenarnya dia merendahkan).

11. "Kalah cacak menang cacak", tegese samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.(artinya; pekerjaan apapun perlu dicoba dulu bisa dan tidaknya).

jadikan jawaban tercerdas dong hwhwhwhwh

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh niskyyx dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 10 Jun 21