Paragrap ing ngisor iki dadekna krama alus! Saiki lagi mangsa

Berikut ini adalah pertanyaan dari rarainrain pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Paragrap ing ngisor iki dadekna krama alus!Saiki lagi mangsa pandemi
penyakit covid-19 utawa corona. Mula awake dhewe kudu bisa njaga dhiri supaya
ora ketaman sesakit iku. Kanthi cara njaga karesikan yaiku mbasuh tangan
nganggo sabun, ora lali nganggo masker lan njaga jarak ing pasrawungan.

tolong yaa..​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Krama Alus :

➡️ Samenika saweg mangsa pandemi sesakit Covid 19 utawi Corona. Pramila kula lan panjenengan kedah saged njagi dhiri supados mboten kenging sesakit punika. Kanthi cara njagi karesikan inggih punika nggirahi asta ngagem sabun, mboten kesupen ngagem masker lan njagi jarak ing pakempalan.

Penjelasan

Basa Krama yaiku basa sing digunakake kanggo omong-omongan marang wong sing luwih tuwa utawa sing luwih diajeni.

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi panjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Kula tumbas buku dhateng toko Wijaya.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 23 Jul 21