Sebutno LAN jelasna struktur lair batin sajrpne geguritan

Berikut ini adalah pertanyaan dari indahfirti6789 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Sebutno LAN jelasna struktur lair batin sajrpne geguritan

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Struktur fisik (lair) geguritan:

  • Diksi (pamilihe tembung). Panganggit lumrahe nggunakake tembung-tembung kang wis kapilih kanthi becik. Kanthi tujuwan nuwuhake rasa endah tumprap geguritan.
  • Pengimajian. Pengimajian iki gegayutan karo indera pendeleng, pangrungu, lan pangrasa.
  • Lelewaning basa (majas). Panganggone digunakake kanggo ngendahake teks geguritan sing dianggit.
  • Purwakanthi (rima). Purwakanthi tegese nggandheng kang wis kasebut ana ing purwa/wiwitan.

Struktur batin geguritan:

  • Tema (makna/sence). Tema nuduhake pokok pikiran utawa bakuning gagasan kang diwedhar panganggit nalika nulis geguritan.
  • Nada nuduhake sikape panganggit tumprap pamaos utawa pamidhanget geguritan.
  • Swasana nuduhake kahanan jiwane pamaos utawa pamidhanget tumprap geguritan sing diwaca/dirungokake.
  • Amanat (piwulang luhur) nuduhake pesen sing kepengin diwedharake marang pamaos utawa pamidhanget.

===========>> <<===========

Geguritan asale saka tembung guritkang ategeskidung utawa tulisan awujud tatanan tembung supaya nuwuhake surasa kang endah.

Titikane geguritan:

  • Kawiwitan irah-irahan (judul)
  • Cacahe wanda, gatra, lan pada ora ajeg
  • Dhong-dhinge swara ing pungkasaning gatra ora ajeg
  • Tembung-tembung sing digunakake bisa nuwuhake daya pangangen-angen
  • Nggunakake basa kang endah

===========>> <<===========

Detail Jawaban:

  • Mapel : B. Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Geguritan
  • Kode soal : 13

#Belajarkuy

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Gemitir dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 05 Jan 22