Lang5. Sing dadi titikane tembang dolanan, ngunakake basa kang ...

Berikut ini adalah pertanyaan dari 1911nunungnurjanah19 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Lang5. Sing dadi titikane tembang dolanan, ngunakake basa kang ... lan ....
6. Ngayahi karyaning praja. Ngayahi padha tegese karo tembung​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

5. Sing dadi titikane tembang dolanan, ngunakake basa kang ... lan ....

➡️ basa kang prasajakan gampangdingerteni.

6. Ngayahi karyaning praja. Ngayahi padha tegese karo tembung....

➡️ Nindakake, nglakokake.

Penjelasan

5. {Tembang dolanan}

Tembang dolanan yaiku salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan. Ing jaman biyen bocah-bocah padha dolanan ing latar ora mung ing wayah awan lan sore, nanging uga wayah wengi nalika padhang rembulan.

» Titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan :

  1. basane prasaja lan gampang dingerteni,
  2. cengkoke prasaja,
  3. jumlah barise (gatrane) uga winates,
  4. bisa ditembangake sinambi dolanan utawa jejogedan, lan
  5. isine bab sing salaras karo kahanane bocah.

» Tuladha tembang dolanan :

  1. Cublak-cublak suweng
  2. Gajah gajah
  3. Gambang Suling
  4. Gundhul Pacul
  5. Jamuran
  6. Jaranan
  7. Kidang Talun
  8. Kupu Kuwi
  9. Lir Ilir
  10. Menthok Menthok
  11. Padhang Bulan
  12. Pitik Tukung
  13. Suwe Ora Jamu

6. Tegese tembung angel :

  1. Ngayahi tegese nindakake, nglakokake
  2. Gugur gunung tegese gotong-royong
  3. Sayuk tegese bebarengan
  4. Di ulang-ulungake tegese bola-bali diwenehake marang kanca
  5. Holobis kuntul baris tegese unen-unen sing diandharake nalika lagi kerja bebarengan
  6. Karyaning tegese pegaweyane, pakaryane
  7. Murih tegese supaya, karepe
  8. Lila legawa tegese ikhlas lair batin
  9. Tandhang gawe tegese nyambut gawe, kerja
  10. Enggal tegese cepet-cepet

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 4

Materi : Piwulang 5 - Tembang dolanan

Kata Kunci : Titikan tembang dolanan, ngayahi tegese

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 4.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 21 Aug 21