Tolong ubah ke aksara latin kak pliss besok dikumpulkan​

Berikut ini adalah pertanyaan dari novendradrian11 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tolong ubah ke aksara latin kak pliss besok dikumpulkan​
Tolong ubah ke aksara latin kak pliss besok dikumpulkan​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Wacané:

Bu Guru Tantri

Bu guru siji iki pancen wasis banget, wiwit saka crita padhalangan tutuwuhan kewan sartassjarah. Para siswa manawa bu Tantri crita ngenani apa bae mesthi padha sirep anteng ngrungokake kanthi permati.

Dina iki mau bu Tantri crita ngenani padhalangan lan tutuwuhan kang asring dirembug ing madya ning babrayan utamane ing tanah jawa. Sing bisa cumanthek ana ing pikiranku kaya mangkene : 1. Crita pawayangan: ing crita pawayangan Bima iku kagungan putra telu lanang kabeg, yaiku : Gathutkaca, Antareja, Antasena.

Tetelune duwe kaluwihan andhewe dhewe, Gathutkaca bisa mabur tanpa elar, Antareja bisa nyilem ana ing samodra, Antasena bisa mles sajroning bumi.

2. Crita tutuwuhan ing pekarangan:

Bu Tantri seneng banget nandur kembamgan ana ing daleme. Kabeh mau kanggo nambahi asrining daleme. Akeh banget jinising kembang kang ditandur, kayata :Mlathi, Mawar, Eporbia, Aster, Sepatu lan liya-liyane. Saliyane kanggo nambahi asrine daleme uga bisa kanggo anjelasake pelajaran biologi bab peranganing kembang. Bu Tantri pancen wasis anggayutake materi pelajaran siji lan sijine, upamane basa jawa karo biologi, karo sejarah lan sapanunggalane. Wis pokoke Bu Tantri nomer siji. Muga-muga sesuk aku bisa kaya bu Tantri, wasis ing samubarange.

Penjelasan:

Tulisan aksara Jawa kasebut ana sing migunakake Aksara Swara lan Aksara Murda. Njelasake tembung apa wae sing migunakake aksara swara lan murda⤵️

Sing Migunakake Aksara Swara:

  • Eporbia = aksara swara E
  • Aster = aksara swara A

*merga kalebu jeneng kembang-kembang, lan swara ngarep ana aksara swarane, mula tulisane migunakake Aksara Swara.

Sing migunakake Aksara Murda:

  • Tantri = aksara murda Ta
  • Gatutkaca = aksra murda Ga
  • Antareja = aksara murda Na
  • Antasena = aksara murda Na

*merga kalebu jeneng uwong, mula tulisane migunakake Aksara Murda*

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NadiaNadhimHas dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 14 Aug 22