ubah dadi basa ngoko alus, krama madya lan krama alus

Berikut ini adalah pertanyaan dari Bilqistsabitah051008 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ubah dadi basa ngoko alus, krama madya lan krama alus saka kalimat :1. Anake Pak Agus ana telu
2. Bu Shinta lunga menyang Surabaya
3. Kowe lara apa?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Anake Pak Agus ana telu.

Ngoko Alus : putrane pak Agus ana telu.

Krama lugu : yogane pak Agus wonten tiga.

Krama alus : putranipun pak Agus wonten tiga.

2. Bu Shinta lunga menyang Surabaya.

Ngoko Alus : Bu Shinta tindak menyang Surabaya.

Krama lugu : Bu Shinta kesah ten Surabaya.

Krama alus : Bu Shinta tindak dhateng Surabaya.

3. Kowe lara apa?

Ngoko Alus : panjenengan gerah apa?

Krama lugu : sampeyan sakit napa?

Krama alus : panjenengan gerah punapa?

----------------------------------

Pembahasan

Unggah ungguh basa iku ana 4 :

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ Panganggone :

  • bocah sakpantaran
  • wong tuwa marang anake
  • guru karo muride
  • pimpinan marang andhahane

→ Tuladha :

  • ibu tuku endhog
  • bapak ngombe kopi
  • Kowe mangan apa?

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ Panganggone :

  • wong tuwa marang wong enom
  • wong kang padha umure sing padha ngajeni
  • ibu marang bapak sing kulino Ngoko
  • wong sing suwe ora ketemu

→ Tuladha :

  • ibu mundhut endhog
  • bapak ngunjuk kopi
  • panjenengan dhahar apa?

3. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

→ Panganggone :

  • wong sing durung kulina
  • wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
  • wong sing lagi ketemu nanging durung akrab

→ Tuladha :

  • ibu tumbas tigan
  • bapak ngunjuk kopi
  • sampeyan nedha napa?

4. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Panganggone :

  • wong tuwa marang anake
  • andhahan marang pimpinan
  • murid marang guru
  • putu marang simbahe

→ Tuladha :

  • ibu mundhut tigan
  • bapak ngunjuk kopi
  • panjenengan dhahar punapa?

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 07 Nov 22