Waosan kangge pitakenan angka 6-10 Tingkeban utawi Mitoni Upacara tingkeban utawi mitoni

Berikut ini adalah pertanyaan dari anoblefanr pada mata pelajaran B. Indonesia untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Waosan kangge pitakenan angka 6-10Tingkeban utawi Mitoni
Upacara tingkeban utawi mitoni punika katindakaken nalika calon ibu ngandhut putra pembarep pitung wulan. Wonten pinten-pinten perangan tatanan upacara tingkepan utawi mitoni ingkang dipunyakini dados sarana tolak balak utawi sarana kangge nyuwun pangayoman wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Tatanan upacara tingkeban jangkepipun inggih punika : adat blosot endhog/tigan, adat medhot benang lawe, adat nyebar beras kuning, adat busana tingkepan, adat cengkir gadhing, adat pupus pisang, lan upacara siraman.
Prosesi tingkeban dipimpin dening sesepuh minangka sutradara ngantos upacara purna. Calon bapak saderengipun wudhu toya kendhi, kedah ngagem ron pupus pisang kanthi tujuan supados kelahiran jabang bayi saged lancar lan cepet kados toya mili wonten ing pupus pisang. Saklajengipun sesepuh mundhut kendhi kanthi pangucap: ”ora mecah kendhi nanging mecah kelairane si jabang bayi, kendhi pecah ajur mumur lan para kadang sami rebutan kreweng kendhi.

6. “ .... calon ibu ngandhut putra pembarep pitung wulan.”
Tegesipun tembung ngandhut inggih punika ….
A. mbabar C. mbobot
B. manak D. mbayi

7. Ancasipun upacara tingkeban uatawi mitoni inggih punika ….
A. nyuwun padamelan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos
B. nyuwun pagesangan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos
C. nyuwun panguripan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos
D. nyuwun pangayoman wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos

8. Ing prosesi tingkeban calon bapak saderengipun wudhu toya kendhi lan kedah ngagem ron pupus pisang.
Pamanggih ingkang jumbuh kaliyan pratelan kasebut inggih punika ….
A. ngagem ron pupus pisang supados rejeki calon bapak saged lancar kados milinipun toya
B. ngagem ron pupus pisang supados rejeki calon ibune saged lancar kados milinipun toya
C.ngagem ron pupus pisang supados jabang bayi saged lair lancar lan cepet kados toya mili
D. ngagem ron pupus pisang supados jabang bayi rejekine lancar lan cepet kados toya mili

9. Pratelan ingkang jumbuh kaliyan wosipun waosan ing nginggil inggih punika ….
A. upacara tingkeban utawi mitoni katindakaken nalika putra pembarep umur pitung wulan
B. upacara tingkepan utawi mitoni dipunyakini dados sarana tolak balak utawi pangayoman
C. prosesi tingkeban dipimpin dening tiyang sepuh minangka sutradara ngantos acara purna
D. calon ibu saderengipun wudhu toya kendhi, supados laire lancar kedah ngagem ron pisang

10. Dene pratelan ingkang mboten jumbuh kaliyan wosipun waosan kasebat inggih punika ….
A. upacara tingkeban utawi mitoni katindakaken nalika calon ibu ngandhut umur pitung wulan
B. upacara tingkeban utawi mitoni dipunyakini dados sarana supados rejeki tiyang sepuh lancar
C. prosesi tingkeban dipimpin dening sesepuh minangka sutradara ngantos upacaranipun purna
D. calon bapak saderenge wudhu toya kendhi ngangge ron pisang supados jabang bayi lair lancar

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

6.c

7. d

8. c

9. a

10. b

Penjelasan:

folloowwwwwww yoooo lurrr

cepetan ojo sue"

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh yuliairawatiofficial dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 08 Jul 21