Waosan kangge pitakenan angka 1-5 Tedhak Siti Upacara adat tedhak siti yaiku

Berikut ini adalah pertanyaan dari anoblefanr pada mata pelajaran B. Indonesia untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Waosan kangge pitakenan angka 1-5Tedhak Siti
Upacara adat tedhak siti yaiku slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung wulan, jalaran umur semono iku bocah wiwit ngadeg lan tuntunan utawa wiwit ditetah. Urut-urutane upacara adat tedhak siti kasebut ing ngisor iki :
1. Bocah sing arep dislameti didusi nganggo banyu kembang setaman, banjur dienggoni klambi anyar nuli diambahake ing jadah werna pitu.
2. Sawise iku banjur menek tebu arjuna, yaiku andha sing digawe saka tebu ireng.
3. Sawise iku dilungguhake ana ing klasa nuli dikurungi nganggo kurungan pitik.
4. Ana ing kurungan wis dicepaki dolanan, beras kuning, kaca, jungkat, dhuwit receh, lan liya-liyane.
5. Bocah milih barang sing disenengi kang nggambarake besuk bakal dadi apa. Banjur dianakake udhik-udhik yaiku nyebar dhuwit receh minangka pralambang sodakoh.
6. Ing paturone bocah dicepaki senthir, sapu gerang sing diwalik dicublesi brambang lombok, dlingo, kunir, sere, jajan pasar, jenang katul sing diarani baro-baro, bubur sungsum (abor-abor), kabeh mau mengku pralambang urip manungsa.

Miturut waosan kasebut, ingkang kawastan upacara tedhak siti inggih punika ….
slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung dina
slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung minggu
slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung wulan
slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung taun

1. Upacara tedhak siti minangka pratandha lare sepisanan mandhap, ingkang dipuntandhani lare kasebat ngambah wonten ing ….
A. sawah C. omah
B. lemah D. jadah

2. Miturut waosan kasebut, lare wiwit saged ngadeg lan saged tuntunan utawi wiwit ditetah nalika ….
A. nalika bocah umur pitung dina C. nalika bocah umur pitung wulan
B. nalika bocah umur pitung minggu D. nalika bocah umur pitung taun

3. Wonten ing adicara tedhak siti salah satunggaling urutan adicara inggih punika udhik-udhik.
Miturut waosan kasebat, kados pundi udhik-udhik punika kalampahan ….
udhik-udhik kalampahan kanthi cara lare kasebat dipunadusi banyu kembang setaman
A. udhik-udhik kalampahan kanthi cara lare kasebat midak jadah kang cacahe pitung werni
B. udhik-udhik kalampahan kanthi cara nyebar arta receh ingkang dados pralambang sodakoh
C. udhik-udhik kalampahan kanthi cara lare dilpunlebetaken wonten ing sojroning kurungan

4. Miturut waosan kasebat, kados pundi urutan adicara tedhak siti ingkang leres ….
A. dipundusi toya sekar setaman, ngambah jadah, menek tebu, dipunlebetaken kurungan, udhik-udhik
B. dipundusi toya sekar setaman, menek tebu, ngambah jadah, dipunlebetaken kurungan, udhik-udhik
C. dipundusi toya sekar setaman, ngambah jadah, dipunlebetaken kurungan, menek tebu, udhik-udhik
D. dipundusi toya sekar setaman, dipunlebetaken kurungan, menek tebu, ngambah jadah, udhik-udhik

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung wulan

1) C. omah

2) C. nalika bocah umur pitung wulan

3) B. udhik-udhik kalampahan kanthi cara nyebar arta receh ingkang dados pralambang sodakoh

4) B. dipundusi toya sekar setaman, menek tebu, ngambah jadah, dipunlebetaken kurungan, udhik-udhik

Penjelasan:

Semoga membantu,

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Sitisyafaatur dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 08 Jul 21