buatkan pidato ulang tahun tentang ulang tahun dalam bahasa jawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari msrimulyani15215 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

buatkan pidato ulang tahun tentang ulang tahun dalam bahasa jawa yg biasa aja/bahasa campuran antara jawa lugu dan Indonesia ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULOHI WABARAKATUH

Konjuk Dumatheng Bapak Perangkat Desa Gentan ingkang kinormatan

Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten

Para Warga, tamu undangan ingkang mboten saged kulo sebataken setunggal boko setunggal ingkang kulo hormati.

Ugi Dumateng kadang Karang Taruna ingkang kulo banggakaken

Langkung rumiyen sumonggo kulo derekaken ngunjukaken Puji dalah sykur wonten ngarsaipun Alloh ingkang taksih paring nikmat dumateng kito sedoyo inggih puniko nikmat Iman, Islam soho kesarasan.

Sholawat soho salam mugi tansah kaaturaken dumateng Junjungan kito Nabi Muhammad SAW

Lan poro penderekipun ngantos akhir Zaman.

Para Rawuh

Kulo minangka ingkah gadah hajat, ngaturaken Sugeng Rawuh dumateng poro Tamu sedoyo. Ugi ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan dumateng poro rawuh sedoyo ingkang sampun nglonggaraken wekdallipun kangge nyekseni adi cara Ulang tahun anak kulo ingkang kaping Pitulas tahun.Ingkang Asesilih BRIGHITA PUTRI MUSTIKANINGRUM.

Ugi mboten katalompen kulo ngaturaken panuwun dumateng Bapak Ibu lan poro kadang kaneman awit panjenengan sedoyo sampun kerso paring pisumbang awujud punopo kemawon arupi , penggalihan, dana, tenaga, ingkang sedoyo kolo wau saged damel rancagipun adicoro Ulang Tahun anak kulo wonten ing dalu puniko.

Para Rawuh kakung miwah Putri ingkang dahat kinormatan

Wonten ing adicoro Ulang Tahun anak kulo ingkang kaping pitulas meniko, kulo nyuwun donga pangestu,mugi- mugi anak kulo ingkang asesilih Brigita Putri Mustikaningrum meniko, kanti tambahipun umur, mugi tambah bektinipun dumateng tiyang sepuhipun, tambah dewoso, tambah rizkinipun, tambah berkah gesangipun, tambah pinter wonten papan pasenaonipun.Amin

Mekaten semanten atur pambagyo arjo ingkang saged kulo aturaken wonten ing kalodangan dalu meniko.Kulo minangka ingkang gadah hajat nyuwun pangapunten ingkang sa ageng agengipun menawi anggen kulo nglenggahaken paro rawuh sedoyo wonten ingkang mboten meranani penggalih panjenengan kulo nyuwun agenging samodra pangapunten.

Lanmenawi wonten atur kulo ingkang klentu ugi mboten meranani penggalih panjengan kulo nyuwun panagapunten.

Wassalamualaikum Waroh matullohi Wabarakatuh

Penjelasan:

itu ya kak

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh igogaming51 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 03 Jun 22