contoh pidato bahasa jawa perpisahan klas 6​

Berikut ini adalah pertanyaan dari ridhaw77 pada mata pelajaran B. Indonesia untuk jenjang Sekolah Dasar

Contoh pidato bahasa jawa perpisahan klas 6​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Baca Juga: 11 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6, Singkat tapi Menyentuh!

Contoh 2

Ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Iklan untuk Anda: Sang suami memfilmkan istrinya di kamera tersembunyi, dan inilah yang dia lihat

Recommended by

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Penjelasan:

itu ya ^^ tinggal ganti nama sekolah nya atau bokeh tambah kata yg lain.

maaf jika ada kata yg slh

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh amazayamuiz dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 16 May 23