Ringkasan dumadine aksara jawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari Radityarizki707 pada mata pelajaran B. Indonesia untuk jenjang Sekolah Dasar

Ringkasan dumadine aksara jawa

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Berikut ini ringkasan dumadine aksara jawa:

Prabu Dewatacengkar kuwi Ratu ing Medangkamulan. Prabu Dewatacengkar kuwi seneng dhahar daging wong utawa manungsa. Mula wong-wong ono ing Medhangkamulan padha susah atine. Malah akeh sing padha ngungsi menyang panggonan liyane. Padha wedi yen mbok menowo didhahar karo Dewatacengkar.

Pembahasan

Nalika rakyat padha susah, teka satriya bagus kang arani jenenge Ajisaka. Ajisaka kui mau mertamu marang Mbok Randha. Mbok Randha ceritani kedadeyan ing Negara Medhangkamulan kuwi. Ajisaka banjur trenyuh atine. Ajisaka iku nduwe abdi loro cacahe kang arani jenenge Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggalke ing Pulo Majethi jenenge. Wong loro mau kuwi didhawuhi marang Ajisaka njaga keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada, welinge Ajisaka ana loro cacahe yaiku:

  • Pertama, Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora ditimbali.
  • Keloro, kerise ora kepareng diwenehake sapa-sapa wae kajaba Ajisaka dhewe.

Sawijining dina, Ajisaka nemoni Prabu Dewatacengkar. Ajisaka saguh didhahar marang Prabu Dewatacengkar, nanging Ajisaka kuwi duwe panyuwun yaiku lemah sing saambane ikete. Prabu Dewatacengkar banjur nyaguhi panyuwun Ajisaka. Terus Ajisaka njereng ikete sing jebul ikete amba banget. Ambane kuwi nganti tekan segara kidul. Prabu Dewatacengkar terus ngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul Prabu Dewatacengkar malah kecemplung segara terus Prabu Dewatacengkar malih dadi baya putih.

Sakwise kuwi Ajisaka diwisuda dadi ratu ing Medhangkamulan. Terus Ajisaka ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan kuwi mau wong loro kepethuk Dora. Dora gelem, banjur ngajak nusul Ajisaka nanging Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka dhewe. Dora njaluk kerise tapi Sembada ora ngulungake amarga dudu Ajisaka dhewe kang mendhet kerise kuwi. Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan, Dora lan Sembada dadi perang tandhing terus loro-lorone mati kabeh. Kanggo pengeling-eling lelakon kuwi Ajisaka banjur nganggit Aksara Jawa sing cacahe rong puluh, yaiku:

  1. Hanacaraka kang ndhuweni teges ana utusan
  2. Datasawala tegese padha pasulayan
  3. Padhajayanya tegese padha digdayane (kuwate)
  4. Magabathanga tegese padha matine

Pelajari lebih lanjut

1. Materi tentang hanacaraka yomemimo.com/tugas/1256905

2. Materi tentang tegese hanacaraka yomemimo.com/tugas/5795046

3. Materi tentang nulis aksara jawa yomemimo.com/tugas/3375536

-----------------------------

Detil jawaban

Kelas: 9

Mapel: B. Indonesia

Bab: Bab 14 - Gaya Bahasa

Kode: 9.1.14

#AyoBelajar

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh zhella2108 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 07 Feb 18