Apa cangkriman keblak ketan:Apa batangane gajah ngidak endhog ora pecah:Tolong

Berikut ini adalah pertanyaan dari almirasalsabila25090 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Apa cangkrimankeblak ketan:

Apa batangane
gajah ngidak endhog ora pecah:

Tolong dijawab ya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsuli pitakon

Cangkriman keblak ketan = nangka tiba neng suketan.

Gajah ngidak endhog ora pecahbatanganesing ora pecah gajahe.

__________________

Pembahasan

Tembung Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude amarga awujud teka teki utawa bedhekan

Cangkriman cacahe ana 4 :

1. Cangkriman wancahan, yaiku Cangkriman wujud wancahan utawa cekakan utawa singkatan.

tuladha :

  • burnaskopen = bubur panas kokopen.
  • butamburi = tebu ditata mlebu lori.
  • pakbolentus = tapak kebo lelene satus

2. Cangkriman Blenderan, yaiku Cangkriman wujud plesetan utawa pitakon sing gunane kanggo ngecoh lawane.

tuladha :

  • SURU, supaya mlayu dikapakake? batangane digepuk ( SURU = αsu turu )
  • wong dodol tempe ditaleni = batangane sing ditaleni tempene.

3. Cangriman pepindhan, yaiku Cangkriman sing ngemu ateges irib iriban.

tuladha :

  • anake gelungan, ibune ngrembayang batangane wit pakis.
  • bosok malah enak batangane tape.

4. Cangkriman tembang, yaiku Cangkriman kang mapan utawa kang sinawung ing tembang.

tuladha :

  • bapak pocung cαngkemu madhep mandhuwur, sabane ing sendhang, pencokane lambung kering, prapteng wisma sipocung mutah guwaya batangane klenthing utawa wadhah banyu.

Negesi ukara Cangkriman.

Cangkriman keblak ketan = nangka tiba neng suketan.

➡️ kalebu Cangkriman wancahan

Gajah ngidak endhog ora pecah batangane sing ora pecah gajahe.

➡️ kalebu Cangkriman Blenderan

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Tembung Cangkriman
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 19 Jan 22