apa cerita singkat ande ande lumut dalam bahasa Jawa?​

Berikut ini adalah pertanyaan dari ac6537372 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Apa cerita singkat ande ande lumut dalam bahasa Jawa?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

dibawah ↓

Penjelasan:

Awalmula Cerita Ande-ande Lumut

Ing setunggaling desa sing uripe kepenak, gemahripah loh jinawi, ayem tentrem. Enten setunggal kerajaan ingkang gadah putra naminipun Pangeran Kusuma Yudha. Dhekwene kepingin lelono pados pengalaman, jati diri lan pados garwa ingkang ayu lan sae manahipun.

Sakderenge pangeran mpun ketemu kalin wong wadon ingkang ayu lan sae manahipun, nanging empun dangu mboten ketemu malih, ingkang paring asma Klentingkunig. Klenting kuning kalian Pangeran kusuma Yudha sami senenge ananging podo-podo menenge.

Ing setunggaling dina, Pangeran Kusuma Yudha, sampun mulai lelono, nglampahi wono lan Pangeran Kusuma Yudha gantos nami nggih meniko ande-ande lumut, amergi dhekwene mboten kepingin enten seng ngertos nek dhekwene niku putra Raja Kediri. Nah, sangking lelono niki ande-ande lumut saget ketemu maleh kalian wong wadon ingkang ayu lan bagus manahipun.

Ande-ande lumut, lelono mlampahi alas ingkang rimbun lan kandel, banjur dhekwene kalian rewange menga-mengo teng kiwo tengen, mbok menawi enten kewan seng saget di pun buru, soyo adoh lan soyo jero angsale lelono. Ande-ande lumut nyamar dados anakipun Mbok Rondo sangking deso Dadapan.

Ing nggriane Mbok Rondho niku wau, ande ande lumut nyiarake badhe pados sesisihan. Sangking gantenge ande ande lumut, ndadosake kabeh wong wadon kesem-sem, termasuk dulur-dulure Klenting Kuning.

Baca juga : Asal usul dinamakannya Sura Baya, menggunakan bahasa jawa.

Klenting Kuning dan Ibu, Saudara Tirinya

Pas mireng menawi ande ande lumut pados sesisihan, Mbok Rondo Klenting ngengken putri-putrinipun tumut nglamar ande ande lumut. Putri-putrinipun Mbok Rondo Klenting niku sami ayayu, naminipun nggih meniko Klenting Hijau, Klenting Merah lan putri tirinipun nggeh menika Klenting Kuning, Mbok Rondo lakuke olo dateng Klenting Kuning.

Sahingga Klenting Abang kalian Klenting Ijo, inuku sing paling diremeni, benten kalian Klenting Kuning. Dhekwene diken resik-resek, lan nyambut damel ing alas. Dhekwene diperlakokne koyoto babu ing griane niku, masio sedereke ugi gadah sifat ingkang olo dateng Klenting Kuning, anggene mrintah, matur niku sak enake dhewe.

Untunge Klenting Kuning niku gadah sifat ingkang sae, sabar lan manut nopo dawuhe Mbok Tirine kalian sederek tirine, amergi Klenting Kuning sampun anggep nek niku sadulure kalian mbok kandunge.

Klenting Kuning nggih badhe tumut, nglamar ande-ande lumut amergi Klenting Kuning ngertos nek dhekwene niku sejatosipun tiang ingkang diremeni, dhekwene ngertos niku sangking bebek ajaib seng dhekwene duweni.

Mbok Tirine niku ngolehi nanging enten setunggal sarat, inggih menika diken ngersiki panci sing rupani nuku mpun cemeng banget. Klenting Kuning panggah purun ngersiki, kanti semangat Klentingkuning gosok dhandang niku wau, banjur angsane Klenting Kuning nyulap dhandang niku dados resik maleh.

Perjalanan Menuju Rumah Ande Ande Lumut

Sak sampune niku, amergi dalan teng nggriane Ande ande Lumut, kedah nyebrang ing lepen ageng, seng teng mriku ditenggo kalian yuyu ageng, ingkah naminipun yuyu kangkang. Yuyu punika purun nyebrangke, ananging enten upahe nggih menika jaluk diambung. Amergi wekdal sampun mepet Klenting Abang kalian Klenting Ijo purun.

Saksampune niku gantosan Klentingkuning, dhekwene budale keri amergi kedah ngersiki dandang kolowau, kanti pacaan ingkang mboten karuan lan tasih kebak angus ing pipine, Klenting Kuning tetep budhal dwekan. Amergi bebek niku wau jalok dikon mateni, bebek wau dados pri seng ayu banget. Putri wau ngengken nguncalne tongkat sakti teng yuyu seng enten teng kali.

Banjur Klenting Kuning inggih lewat lepen niku lan numpak yuyu kangkang, sak sampune dugi, amergi Klenting Kuning mboten purun di ambung, Klenting Kuning matur teng yuyu nek badhe diparingi hadiah. Banjur Klenting Kuning nguncalne tungkat sakti teng raine yuyu wau. Yuyu wau langsung dados manungsa malih, langsung dhekwene ngalih nemoni putri wau seng dados bebek.

Klenting Abang lan Klenting Hijau mpun dugi grionipun Mbok Rondo dadapan, lan sampun ngaturaken nopo maksute dhekwene murunu, ananging masio dhekwene ayu-ayu, ande ande lumut noklak lamaranipun, amergi ande ande lumut ngertos menawi dhekwene nikuwau mantun diambung yuyu kangkang.

Lajeng Klenting Kuning, dugi ing nggrianipun Mbok Rondo Dadapan, pas dhekwene dugi Mbok Rondo kalian sadulure ngeraos kaget amergi tampilane seng lumuh kebak angus. Sadulure ngino menawi Klenting Kuning orabakal diterima.

Banjur Mbok Rondo, matur teng ande ande lumut menawi enten tiang seng nglamar maleh, namine Klenting Kuning, anangeng dhekwene lusuh. Ande ande lumut meniko purun amergi Klenting Kuning kolowau mboten purun menawi bade diambung yuyu kangkang.

Ande Ande Lumut dan Klenting Kuning

Gambar kartun kepiting lucu, ande ande lumut bahasa jawa

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh chelseavivo374 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 31 May 22