Sebutno Bahasa Ngoko lugu iku kanggo guneman marang sopo wae​

Berikut ini adalah pertanyaan dari ssafa7432 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sebutno Bahasa Ngoko lugu iku kanggo guneman marang sopo wae​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsuli pitakon

Bahasa Ngoko lugu iku kanggo guneman marang sopo wae :

  • wong sakpantaran
  • wong kang luwih enom
  • wong tuwa marang anak
  • wong kang wis akrab

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa kaperang dadi 4 :

1. Basa Ngoko lugu

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ panggonane :

  • wong sakpantaran
  • wong kang luwih enom
  • wong sing wis akrab
  • wong tuwa marang anak

→ tuladha :

  • bapak arep mulih sesuk
  • ibu lunga menyang pasar nitih becak

2. Basa Ngoko Alus

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ panggonane :

  • dulur enom marang sedulur tuwa
  • ibu marang bapak sing kulino Ngoko

→ tuladha :

  • bapak arep kondur sesuk
  • ibu tindak menyang pasar nitih becak

3. Basa Krama lugu

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu lan basa Krama alus.

→ panggonane :

  • wong sing durung kenal
  • wong sing kenal nanging durung akrab

→ tuladha :

  • bapak badhe wangsul mbenjing
  • ibu kesah ten peken nitih becak

4. Basa Krama alus

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh.

→ panggonane :

  • anak marang wong tuwo
  • putu marang eyang
  • murid marang guru
  • andhahan marang pimpinan

→ tuladha :

  • bapak badhe kondur mbenjing
  • ibu tindak dhateng peken nitih becak

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 09 Jul 22