tuliskan pidato perpisahan kelas 6 menggunakan bahasa jawa, tolong

Berikut ini adalah pertanyaan dari daraboyolali pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tuliskan pidato perpisahan kelas 6 menggunakan bahasa jawa, tolong ya ka, makasi​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Sugeng siyang

Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang satuhu kula bekteni. Para kanca lan adhik kelas kelas ingkang daktresnani. Sumangga kita sedaya ngaturaken puji sukur dhateng ngarsanipun Allah

Swt. ingkang sampun paring sedaya berkah saha kaslametan saengga kita saged makempal ing adicara

pepisahan punika.

Salajengipun, kula minangka wakil siswa kelas VI ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa

pepindhan awit saking sih katresnan Bapak Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah lan mulang wuruk

kanthi sabar, tulus, lan iklas saengga kula sarencang saged nglampahi pados ilmi ing sekolah menika

sadangunipun enem warsa. Mugi-mugi Bapak Ibu Guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking

Gusti Ingkang Mahaagung. Amin.

Bapak Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati lan tresnani, sekedhap malih kula

sarencang nilaraken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak Ibu

Guru saha adhik-adhik. Namung kedah mekaten, pramila kapeksa kula sarencang nilaraken Bapak Ibu

Guru saha adhik-adhik kelas sedaya.

Kula sarencang nglenggana bilih asring damel Bapak lan Ibu Guru duka. Pramila, kula sarencang

nyuwun agunging samudra pangaksami. Salajengipun kula sarencang nyuwun tambahing berkah

pangestunipun Bapak saha Ibu Guru, supados kula sarencang dipungampilaken anggenipun badhe pados

sekolah lan dipunparingi gampil anggenipun nglampahi pendhidhikan ingkang langkung sae wonten

pawiyatan sekolah ingkang langkung inggil. Kula sarencang tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-

adhik sedaya saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula

panjangaken, pramila cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap-gangsuling atur, kula nyuwun

agunging pangaksami.

Nuwun.

maaf kalau ada kata" yg salah

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh sashaprabawa dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 15 Jun 22