I. *Wangsulana kanthi milih aksara a, b, c, utawa d

Berikut ini adalah pertanyaan dari zaffera pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

I. *Wangsulana kanthi milih aksara a, b, c, utawa d sing cocog karo pitakone!*Wacan ngisor iki kanggo nggarap no 1 – 2

Rajaning peksi menika namanipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta Kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dangu-dangu dhawah ing siti, klebekan.

1. Rajanipun peksi menika namanapun Jathayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata inggih ramanipun Prabu Ramawijaya. Tegese tembung (a). peksi . . . . . (b) mitra . . .
a. manuk, sedulur
b. manuk, kanca kang raket
c. kethek, sedulur
d. kethek, kanca kang raket


2. Watake paraga Resi Jathayu yaiku . . .
a. seneng tetulung
b. gumedhe, umuk
c. seneng pamer
d. gampang nesu


*Wacan ngisor iki kanggo nggarap no 3
Kacariyos, nalika semanten Dewi Shinta dipuntilar mbebedhag Kidang Kencana ing satengahing wana. Ingkang kadhawuhan njagi Dewi Shinta inggih punika rayinipun Prabu Rama ingkang asma Laksmana. Anggenipun mbebedhag boten kondur-kondur. Siyangipun sangsaya telas gumantos dalu ingkang sangsaya peteng, sang bagaskara sampun nilaraken ngarcapada/bumi.

3. Saka andharan kasebut nuduhake latar papan panggonan ing . . ., dene wektune … a. alas, awan
b. kraton, bengi
c. . kraton, awan
d. alas, bengi


*Teks andharan ing ngisor iki kanggo nggarap no 4 tekan 5 Mak bleber, playune Rahwana diprangguli dening Resi Jatayu. Resi Jatayu mangerteni menawa kang didhusta Rahwana iku Dewi Sinta. Sapandurat Jatayu nduweni niyat kanggo aweh pitulungan marang Dewi Shinta, iya garwane Ramawijaya. Resi Jatayu banjur nyedhaki Rahwana raja Ngalengka kang ala nalare. Rahwana mangerteni menawa ana Resi Jatayu kang arep ngrebut Dewi Shinta, mulane anggone nyekeli Dewi Sinta sangsaya kenceng lan ngrikatake playune. Resi Jatayu lan Rahwana oyak-oyakan ing wiyati/ngakasa. Kekarone prang tandhing udreg-udregan, wales winales, sawut sinawut. Kekarone padha sektine, padha kuwate saengga wis suwe anggone udreg-udregan ing akasa durung ana sing menang.

4. Pranyatan ing ngisor iki kang ora cocog karo pethikan carita ing dhuwur yaiku …
a. Rahwana nyolong Dewi Sinta.
b. Rahwana bisa dikalahake dening Jatayu. c. Resi Jatayu lan Rahwana padha sektine. d. Resi Jatayu aweh pitulungan marang Sinta.

5. Resi Jatayu minangka pahlawan kang mbelani . . .
a. kesalahan liyan
b. bebener
c. Dasarata
d. Rahwana​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. b. manuk, kanca kang raket

2. a. seneng tetulung

3. a. alas, awan

4. b. Rahwana bisa dikalahake dening Jatayu

5. b. bebener

Penjelasan:

muga bisa mbiyantu

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh indrajatikurnialam dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 26 May 22