tolong kak sampe jam 8​

Berikut ini adalah pertanyaan dari pwibowo001 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Tolong kak sampe jam 8​
tolong kak sampe jam 8​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsuli pitakon

36. Dadekake ukara dadi Krama Alus

a. bapak arep menyang malang numpak sepur.

➡️ bapak badhe tindak malang nitih kreta.

b. kowe arep budal jam pira?

➡️ panjenengan badhe bidal tabuh pinten?

37. Mbatangake ukara cangkriman

a. Pakbolentus tegese tapak kebo lelene satus.

b. Sega sak kepel dirubung tinggi tegese salak.

38. bapak Pucung amung sirah lawan gembung,

padha dikunjara,

mati sajroning ngaurip,

miji baka sipocung dadi Dahana

Bedane tembang pocung ing dhuwur yaiku paugerane (guru Gatra, guru wilangan lan guru lagune)

39. Tegese tembang pocung ing dhuwur yaiku penthol korek.

40. Tembang macapat liyane :

  • kinanthi
  • gambuh
  • dhandhanggula

__________________

Pembahasan

Mangerteni apa sing diarani Basa Krama Alus, Tembung cangkriman, tembang macapat.

A. Basa Krama Alus

BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Panganggone :

  • wong tuwa marang anake
  • andhahan marang pimpinan
  • murid marang guru
  • putu marang simbahe

→ Tuladhane ;

  • bapak mundhut ses wonten wande
  • ibu tindak dhateng malang kaliyan budhe
  • mbak tika sampun rawuh kalawau siyang

B. Tembung cangkriman

CANGKRIMAN

yaiku unen unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksud e, amarga tembunge arupa bedhekan.

→ Cangkriman cacahe ana 4 :

1. cangkriman wancahan

cangkriman awujud cekakan utawa singkatan.

tuladha :

  • buta buri tegese tebu ditata mlebu lori.
  • keblak ketan tegese nangka tiba ing suketan.

2. cangkriman blenderan

yaiku cangkriman awujud plesetan, biasane pitakonan sing kanggo ngecoh lawane.

tuladha :

  • gajah ngidak endhog ora pecah, tegese sing ora pecah gajahe.
  • tulisane arab, macane saka ngendi?, tegese saka alas (macan e = jenenge kewan).

3. cangkriman perpindahan

yaiku cangkriman awujud irib iriban.

tuladha :

  • bocah cilik nggendhong anak, tegese bekecot.
  • dikethok malah dhuwur, tegese clana.

4. cangkriman tembang

yaiku cangkriman kang mapane utawa sinawung ing tembang.

tuladha :

  • bapak Pucung Dudu watu Dudu gunung, sangakane ing sebrang, Ngon ingone sang bupati, yen mlampah bapak Pucung lembehane grana, tegese gajah.

C. Tembang macapat

yaiku tembang cilik sing nduweni paugeran, kayata guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

  • guru gatra = cacahe gatra ing saben sapada.
  • guru wilangan = cacahe wanda ing saben sagatra.
  • guru lagu = dhong dhinge swara ing pungkasaning gatra.

→ Cacahe tembang macapat :

  1. pocung
  2. kinanthi
  3. durma
  4. mijil
  5. gambuh
  6. megatruh
  7. Asmaradana
  8. dhandhanggula
  9. pangkur
  10. sinom
  11. maskumambang

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 6 - 7
  • Materi : Unggah ungguh basa, Tembung cangkriman lan tembang macapat.
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 08 Aug 22