1. Sebutna carane maca cepet! 2. Apa bae kang kudu

Berikut ini adalah pertanyaan dari dracongaming14 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Sebutna carane maca cepet! 2. Apa bae kang kudu digatekake nalika gawe karangan? 3. Kepriye tata carane maca ekstensif? 4. Gawea tuladha paragrap deduktif saparagrap bae! 5. Sebutna tandhane ukara kang ngandhut kohesi! 6. Apa bab kang kudu digatekake nalika nulis karangan deskriptip? 7. Sebutna jinising maca miturut Prof. Henry Guntur Tarigan! 8. Maca ing batin bisa kaperang dadi pirang jenis? Sebutna! 9. Apa kang diarani maca scanning? 10. Jlentrehna kang diarani tembung andhahan!jawabnya pakai bahasa Jawa kak plis​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. carane maca cepet yaiku

  • maca jroning batin kanthi konsentrasi
  • swara lembut cukup keprungu dhewe
  • aja nggunakake tuding utawa driji
  • aja ngobahake sirah lan mripat tumuju ana wajan
  • aja mbakeni tembung kang wis diwaca
  • aja ngeja aksara

2. kang kudu digatekake nalika gawe karangan

  • nemtokake tema
  • milih irah irahan (judul)
  • basane sing becik
  • urutane crita runtut
  • tulisane kudu cetha
  • antarane tema, judul lan isi tansah seambungan, jumbuh(cocok)
  • gawe cangkrongan (kerangka) sadurunge ngarang
  • cankrongan banjur dimekarake dadi alenia alenia
  • sawise dadi karangan diteliti maneh

3. tata carane maca ekstensif

  • nggoleki topik kang padha saka maneka media cetak akng ana
  • ngumpulake artikel kang padha
  • maca sekilas irah irahan artikel kang padha
  • maca paragraph kapisan lan pungkasan
  • neliti kanthi sekilas pituduh pituduh liyane babagan bab kang wigati

4. Tuladha paragraph deduktif

Riki kuwi atlet multialenta. Sakliyane dadi atlet dheweke uga dadi pangripta. Riki uga seneng nulis geguritan lan pawarta babagan olahrga. Bakat sing di duweni Riki ing olahraga basket, tau makili juara indonesia menang ing olimpiade Asian Games 3 taun kepungkur. Sakliyane basket Riki isih sregep mulang bocah-bicah ing kampunge. Dheweke pengen bisa manfaatake ngilmune sing wis disinauni

5. tandhane ukara kang ngandut kohesi

  • tembung penunjuk kayata: iki, iku kuwi, kae, lan sapanunggalane
  • tembung sesulih (ing basa basa indonesia diarani kata ganti orang)
  • ngambali tembung kang dadi undering ide pokok

6. bab kng kudu digatekake nalika nulis karangan deskriptip

  • netepake objek kang bakal katulis
  • nemtokake batas objek kajian
  • observasi kanthi cermat lan tuntas
  • gawe gambaran kanthi cetha
  • gawe cangkrongan (kerangka) apa kang arep dikembangake
  • milih ukara kanthi bener kanggo ngembangake objek kanthi trep
  • neliti penulisan supaya dadi tulisan kang trep

7.miturut ahli basa prof. hendry tarigan maca iku jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan baca ing bathin

8. maca ing batin kaperang dadi loro yaiku maca ekstensif lan maca intensif

9. maca scanning yaiku cara maca kanggo nggoleki kabar informasi kang wis dibutuhake, carane cukup maca bagean kang digoleki, tuladhane yaiku nggoleki nomer telpon

10. Tembung andhan yaiku tembung kang wis owah saka tembung asline (linggane) sekabehane tembung sing wis ora asale maneh amarga oleh wuwuhan(imbuhan), awujud ater-ater (awalan), sesealn (sisipan), lan paabang (akhiran).

Tuladhha: pangan dadi mangan, tandur dadi tanduran

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 05 May 22