Owahana ukara kang basa ngoko lugu/wantah iki supaya dadi basa

Berikut ini adalah pertanyaan dari qura1234ch2022 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Owahana ukara kang basa ngoko lugu/wantah iki supaya dadi basa ngoko alus/andhap1. Ibu lan bapak isih durung mulih saka Surabaya
=
2. Kowe mengko mulih jam pira?
=
3. Kowe muliha dhisik, aku mengko wae!
=
4. Nalika bapak mangan, adhiku melok mangan pisan.
=
5. Bapak ngombe kopi, ibu ngombe teh, lan adhik ngombe susu.
=
6. Simbah iku lagi turu, aja rame ana kono!
=
7. Aku mau diceluk ibu, banjur ibu di celuk bapak.
=
8. Mau esuk bapak mangan aku adus.
=
9. Wedange iki wenehna bapak ing rumang makan.
=
10. Ibu iku wegah ngomong, awit lagi lara untu.
=
Tolong bantu jawab :)

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Ngoko Alus.

1. Ibu lan bapak isih durung mulih saka Surabaya

= ibu lan bapak isih durung kondur saka Surabaya.

2. Kowe mengko mulih jam pira?

= panjenengan mengko kondur jam pira?

3. Kowe muliha dhisik, aku mengko wae!

= panjenengan kondura dhisik, kula mengko wae!

4. Nalika bapak mangan, adhiku melok mangan pisan.

= nalika bapak dhahar, adhik kula nderek nedha pisan.

5. Bapak ngombe kopi, ibu ngombe teh, lan adhik ngombe susu.

= bapak ngunjuk kopi, ibu ngunjuk teh, lan adhik ngombe susu.

6. Simbah iku lagi turu, aja rame ana kono!

= Simbah iku lagi sare, aja rame ana kono!

7. Aku mau diceluk ibu, banjur ibu di celuk bapak.

= kula mau ditimbali ibu, banjur ibu ditimbali bapak.

8. Mau esuk bapak mangan aku adus.

= mau esuk bapak dhahar kula adus.

9. Wedange iki wenehna bapak ing rumang makan.

= wedange Iki paringne bapak ing ruwang makan.

10. Ibu iku wegah ngomong, awit lagi lara untu.

= ibu iku wegah ngendhikan, awit lagi gerah waja.

__________________

Pembahasan

Basa Ngoko ing unggah ungguh basa iku kaperang ana 2:

1. BASA NGOKO LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ Titikane :

  • basane Ngoko kabeh
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Tuladha :

  • jenengmu sapa?
  • kowe rene karo sapa?

2. BASA NGOKO ALUS

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ Titikane :

  • tembunge Ngoko lan dicampur karo Krama
  • sing dikramakake yaiku ; tembung perangene awak, sandhangan sarta kriyane = kata kerjane)
  • ater ater lan panambange ora dikramakake

→ Tuladha :

  • jenenge panjenengan sapa?
  • panjenengan rene karo sapa?

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 18 Dec 22