Sahabatku Kang Becik Atine Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku

Berikut ini adalah pertanyaan dari kuriawangalang pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Sahabatku Kang Becik Atine Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak melbu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku si Andi iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Andi. Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Andi ugo gak adoh tekan sekolahan. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku. "Do, pedahku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Edo !! "Lha emange konopo?" jawabe Edo. "Sek jajal mandek tak delok e disek", balesku. Terus aku karo Edo jajal mandek gawe ndelok pedahku sak temene kenek opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh. Mbasan di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso ditumpak i. Akire aku dikancani Edo nuntun pedah golek I tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing omae salah siji warga cedak kunu. Terus aku digonceng Edo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek menyang omae Andi. Aku matur suwun banget karo Edo, amergo Edo salah sijine sahabtku kang becik atine. Edo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan. Setelah kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan. 1. Apa tema cerkak ing nduwur? 2. Sapa paraga utama lan paraga panyengkuyung cerkak ing nduwur? 3. Golekana amanat/pesen saka crita ing nduwur! 4. Saka cerkak ing nduwur, coba golekana: a. 2 ukara nganggo basa ngoko b. 2 ukara basa ngoko mau owahana dadi basa krama! 5. Saka cerkak ing nduwur, coba golekana: a. 2 ukara langsung b. 2 ukara langsung mau owahana dadi ukara ora langsung! 6. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa: a. Aku digonceng Edo b. Isi tasku yaiku: buku, pulpen, lan banyu putih.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Tema cerkak ing dhuwur yaiku kekancan (persabahatan)

2. Paraga utama lan paraga panyengkuyung cerkak ing nduwur yaiku tokoh aku, Edo, lan Andi

3. Amanat saka crita ing nduwur yaiku awak dewe kudu bantu konco sing lagi susah/duwe musibah

4. Saka cerkak ing nduwur, coba golekana:

a. 2 ukara nganggo basa ngoko

- Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak melbu sekolah ono seminggu

- Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Andi ugo gak adoh tekan sekolahan.

b. 2 ukara basa ngoko mau owahana dadi basa krama!

- Nalika wangsul saking sekolah, kula kaliyan rencang-rencang kagungan rencana badhe nyambangi Andi ingkang sampun seminggu mboten mlebet sekolah

- Kula lan rencang kula nitih sepedah bareng amargi daleme Andi mboten tebih saking sekolahan.

5. Saka cerkak ing nduwur, coba golekana:

a. 2 ukara langsung

- "Do, pedahku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”

- "Lha emange konopo?"

b. 2 ukara langsung mau owahana dadi ukara ora langsung!

- Aku ngomong marang Edo yen sepedahku kok rasane aneh lek ditumpaki

- Edo takon marang aku kenopo sepedahku kok rasane aneh lek ditumpaki

6. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa:

a. Aku digonceng Edo = ꧋ꦄꦏꦸꦣꦶꦒꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦁꦄꦼꦣꦺꦴ

b. Isi tasku yaiku: buku, pulpen, lan banyu putih = ꧋ꦆꦱꦶꦠꦱ꧀ꦏꦸꦪꦻꦏꦸ꧇ꦧꦸꦏꦸ꧈ꦥꦸꦭ꧀ꦥꦺꦤ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦧꦚꦸꦥꦸꦠꦶꦃ

Pembahasan

Cerkak yaitu singkatan saka cerita cekak utawa ing Bahasa Indonesia artine Cerita Pendek. Cerkak biasa nyeritaake cerita sing ringan lan biasane duweni amanat sing iso dijupuk marang wong sing maca. Cerkak biasane digawe kanggo anak-anak, nanging uga akeh cerkak kang digawe kanggo wong dewasa, contone cerkak sing temane agama, politik, lan liya-liyane.

Pelajari lebih lanjut

Materi tentang cerkak yomemimo.com/tugas/1222957

#BelajarBersamaBrainly #SPJ1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh farhanpratamax dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 05 Dec 22