ukara-ukara Iki salinana nganggo basa Krama Alus!1.kowe mau saka Kalimantan

Berikut ini adalah pertanyaan dari salenatinurya266 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Ukara-ukara Iki salinana nganggo basa Krama Alus!1.kowe mau saka Kalimantan numpak apa mas?
2.bapak wetenge lara amarga durung mangan
3.sapa song tekane keri ana ing acara rapat dek wingi?
4.bapak ketemu pakdhe ana dalan banjur diajak mampir
5.bapak lunga menyang Semarang arep tilik Simbah

terimakasih yang udah mau bantuu​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi basa Krama Alus.

1. Kowe mau saka Kalimantan numpak apa mas?

➡️ Panjenengan kalawau saking Kalimantan nitih punapa mas?

2. Bapak wetenge lara amarga durung mangan.

➡️ bapak gerah madharanipun amargi dereng dhahar.

3. Sapa song tekane keri ana ing acara rapat dek wingi?

➡️sinten ingkang rawuhipun kentun wonten ing adicara kalawingi?

4. Bapak ketemu pakdhe ana dalan banjur diajak mampir.

➡️ bapak kepanggih Pakdhe wonten margi, lajeng dipun ajak pinarak.

5. Bapak lunga menyang Semarang arep tilik Simbah.

➡️ bapak tindak dhateng Semarang badhe sowan eyang.

__________________

Pembahasan

Basa Krama kaperang dadi 2 :

1. Basa Krama lugu

yaiku basane nggunakake basa krama lugu lan basa krama alus.

panggonane :

  • wong sadrajat sing durung raket utawa akrab
  • wong sing durung kenal

tuladha :

  • ibu tumbas gendhis kaleh sarem
  • bapak mboten siyos tumut
  • mas Bayu sampun dugi ten griya

2. Basa Krama Alus

yaiku basane nggunakake basa Krama Alus kabeh. Dadi basane luwih Alus lan luwih ngajeni.

panggonane :

  • anak marang wong tuwa
  • murid marang guru
  • putu marang Simbah

tuladhane :

  • ibu mundhut Gendhis kaliyan sarem
  • bapak mboten siyos nderek
  • mas Bayu sampun rawuh dhateng ndalem

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 27 Apr 22