"wajik klethik, gula jawa luwih becik, sing prasaja " purwakanthine

Berikut ini adalah pertanyaan dari rilla3502 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

"wajik klethik, gula jawa luwih becik, sing prasaja " purwakanthine parikan iki yaiku

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Purwakanthine parikan kuwi yaiku Purwakanthi Swara

Penjelasan:

》Purwakanthi

Purwakanthi utawa aliterasi kuwe unen-unen utawa ukara sing runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasan, saloka, utawa tembang. Purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yaiku;

  1. Purwakanthi Swara
  2. Purwakanthi Sastra
  3. Purwakanthi Lumakshita/basa

1#Purwakanthi Swara

Tuladha:

  • Ana awan, ana pangan
  • Bareng wis makmur, lali marang sedulur
  • Ora cepet, ora ngliwet
  • Gelem obah, mesthi mamah

2#Purwakanthi Sastra

  • Bobot, bibit, bebet
  • Sing sapa salah sèlèh
  • Tata titi tentrem
  • Sluman slumun slamet

3#Purwakanthi Lumakshita/basa

  • Kolik priya, priyagung anjanik
  • Bayem arda, ardanè ngrasuk busana
  • Asung bekti, bekti kawula marang Gusti
  • Saking tresna, tresna mung samudana

__________________________________

》Parikan

Parikan kuwè tetembungan utawa unen-unen sing nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Parikan bisa kadadeyen sekang : rong gatra (4 wanda + 4 wanda), rong gatra (4 wanda + 8 wanda), utawa rong gatra (8 wanda + 8 wanda)

1# Sing kadadeyen sekang (4 wanda + 4 wanda)

  • Tawon madu, ngisep sekar.

Golet ngelmu, kudu sabar.

  • Ager-ager, pancen lunyu.

Pengin pinter, ya sinau.

  • Sega pecel, jangan kara.

Awak pegel, atinè lara.

  • Wajik klethik, gula jawa.

Luwih becik, sing prasaja.

2# Sing kadadeyen sekang (4 wanda + 8 wanda)

  • Kembang aren, sumebar tepining kalen.

Aja dahwen, nek kowe kepengin kajen.

  • Kembang mawar, ganda arum ngambar-ngambar.

Ati bingar, aja mung nek nampa bayar.

  • Kembang kencur, ditandur pinggiring sumur.

Sapa jujur, bakal luhur kelawan makmur.

3# Sing kadadeyen sekang (8 wanda + 8 wanda)

● Jangan kacang jangan kara, kakehen uyah kurang gula.

Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa

● Esuk-esuk tuku bubur, dilawuhi jangan kara.

Nek uripmu pengin makmur, aja klalen mring wong tuwa.

● Sega punar lawuh empal, segane penganten anyar.

Dadi murid aja nakal, kudu olah ati sabar.

Detail Jawaban

  • Pelajaran = Bahasa Jawa
  • Materi = Tembung Purwakanthi lan Parikan
  • Bab = Piwulang VI - Piwulang VII
  • Kelas = 9

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh unknown dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 07 Jun 22