Golekna ngoko alus, kromo lugu, kromo alus 1. Saben dina

Berikut ini adalah pertanyaan dari ayuu47821 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Golekna ngoko alus, kromo lugu, kromo alus 1. Saben dina minggu mas arya ndeleng balbalan menyang stadion 2. Ibu mulih saka pasar jam 7 isuk 3. Kowe apa nggowo buku matematika4. Pak ridwan lunga menyang suroboyo isuk mau 5. Ibu ngongkon aku menyang ana ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Saben dina minggu mas arya ndeleng balbalan menyang stadion.

Ngoko Alus = saben dina Minggu mas Arya mirsani bal balan menyang stadion.

Krama lugu = saben dinten Minggu mas Arya ningali bal balan wonten stadion.

Krama alus = saben dinten Minggu mas Arya mirsani bal balan wonten stadion.

2. Ibu mulih saka pasar jam 7 isuk.

Ngoko Alus = ibu kondur saka pasar jam pitu isuk.

Krama lugu = ibu wangsul saking peken jam pitu enjing

Krama alus = ibu kondur saking peken tabuh pitu enjing.

3. Kowe apa nggowo buku matematika.

Ngoko Alus = panjenengan apa ngasta buku matematika.

Krama lugu = sampeyan napa bektha buku matematika.

Krama alus = panjenengan punapa ngasta buku matematika.

4. Pak ridwan lunga menyang suroboyo isuk mau.

Ngoko Alus = pak Ridwan tindak menyang Surabaya isuk mau.

Krama lugu = pak Ridwan kesah ten Surabaya enjing wau.

Krama alus = pak Ridwan tindak dhateng Surabaya enjing kalawau.

5. Ibu ngongkon aku menyang kana.

Ngoko Alus = ibu ngutus kula menyang kana.

Krama lugu = ibu ngengken kula ten mrika.

Krama alus = ibu ngutus kula dhateng mrika.

__________________

Pembahasan

➢ Unggah ungguh basa kaperang dadi 2:

  1. Basa Ngoko
  2. Basa Krama

➢ Basa Ngoko kaperang ana 2, yaiku :

1. Basa Ngoko lugu

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lugu kabeh.

→ tuladha :

  • bapak ora sida mulih
  • ibu lunga menyang pasar

2. Basa Ngoko Alus

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

→ tuladha :

  • bapak ora sida kondur
  • ibu tindak menyang pasar

➢ Basa Krama uga kaperang dadi 2 :

1. Basa Krama lugu

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu lan basa Krama alus.

→ tuladha :

  • bapak mboten siyos wangsul
  • ibu kesah ten peken

2. Basa Krama alus

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama alus Kabeh.

→ tuladha :

  • bapak mboten siyos kondur
  • ibu tindak dhateng peken

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 06 Jul 22