Gambar 1.1: Pakeliran Wayang Krucil, sumber doc. pribadi Wayang Krucil

Berikut ini adalah pertanyaan dari ronggoae9 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Gambar 1.1: Pakeliran Wayang Krucil, sumber doc. pribadi Wayang Krucil kalebu salah sijine kabudayan Jawa kang isih urip lan diuri-uri ing Kabupaten Ngawi, Miturut sejarahe, wayang Krucil cinipta dening Pangeran Pekik ing Surabaya saka bahan kulit lan ukurane cilik, Lan amarga ukurane kang cilik iku anjalari wayang mau diarani wayang krucil kang tegese cilik. Sabanjure wayang Krucil kagawe saka kayu kang tipis ananging tangan wayang tetep migunake kulit. Wayang Krucil uga sinebut wayang "Klithik". Sebutan iku mbok menawa amarga saka unine kayu kang "klithik-klithik" kang sesenggolan nalika wayang dipagelarake. Ing Ngawi, sebutan wayang Krucil luwih kawentar tinimbang sebutan wayang Klithik. Mula bukane wayang Krucil ing Ngawi ngrembaka kanthi turun-tumurun. Wiwit saka jaman Walanda nganti saiki. Ing tahun 1970-an, wayang Krucil saya ngrembaka ing dhaerah Kedunggalar, Paron, lan Karangjati. Nganti saiki wayang Krucil isih tetep urip. Buktine, ing Desa Kedungputri, kecamatan Paron, wayang Krucil isih digelar luwih saka ping sepuluh saben taune. Lakon wayang Krucil iku lumrahe kajupuk saka "Serat Menak" saka Persia. Paraga kang pinunjul yaiku: Amir Hamzah, Prabu Nursewan, Imam Suwangsa, Umar Maya, Umar Madi, lan liya-liyane. Basa Jawa Kelas 7 11sebutna deskripsi dari cerita diatas​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

pribadi wayang krucil kelebu salah sijine kebudayaan jawa kang isih urip lan diuri uriing kabupatenngawi

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh geboyl54 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 08 Nov 22