1. Kowe awan mau apa wis mangan Sega Krama lugu

Berikut ini adalah pertanyaan dari ekaariniasih pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Kowe awan mau apa wis mangan SegaKrama lugu :
Krama alus :
2. Aku dikongkon ibu tuku gula ning pasar paron
Krama lugu :
Krama alus :
3. Kowe apa sido lungan menyang Surabaya numpak bis
Krama lugu :
Krama alus :
4. Isuk mau bapak adus terus budal ning kantor
Krama lugu :
Krama alus :
5. Simbah ndelok manten nganggo klambi anyar
Krama lugu :
Krama alus :
6. Suite mau wis tak wehne bapak
Krama lugu :
Krama alus :
7. Aku diceluk pak guru dikongkon ning kantor
Krama lugu :
Krama alus :​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Kowe awan mau apa wis mangan Sega

Krama lugu : sampeyan siyang wau napa sampun nedha sekul?

Krama alus : panjenengan siyang kalawau punapa sampun dhahar sekul?

2. Aku dikongkon ibu tuku gula ning pasar paron

Krama lugu : kula dikengken ibu tumbas gendhis ten peken Paron.

Krama alus : kula dipun utus ibu mundhut gendhis wonten peken Paron.

3. Kowe apa sido lunga menyang Surabaya numpak bis

Krama lugu : sampeyan napa siyos kesah ten Surabaya nitih bis?

Krama alus : panjenengan punapa siyos tindak dhateng Surabaya nitih bis?

4. Isuk mau bapak adus terus budal ning kantor

Krama lugu : enjing wau bapak siram lajeng bidhal teng kantor.

Krama alus : enjing kalawau bapak siram lajeng bidhal dhateng kantor.

5. Simbah ndelok manten nganggo klambi anyar

Krama lugu : simbah ningali manten ngagem rasukan enggal.

Krama alus : eyang mirsani manten ngagem ageman enggal.

6. Suite mau wis tak wehne bapak

Krama lugu : suite wau sampun kula paringake bapak.

Krama alus : suite kalawau sampun kula paringaken bapak.

7. Aku diceluk pak guru dikongkon ning kantor

Krama lugu : kula ditimbali pak guru dikengken ten kantor.

Krama alus : kula dipun timbali pak guru dipun utus dhateng kantor.

__________________

Pembahasan

Basa krama iku kaperang ana 2 :

I. BASA KRAMA LUGU

yaiku basa kang tembung tembunge nggunakake basa Krama lugu kabeh.

→ Titikane :

  • basane Krama
  • tembunge ora dicampur karo Krama Alus
  • ater ater lan panambange dikramakake

→ Panganggone :

  • wong sing durung kulina
  • wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
  • wong sing lagi ketemu nanging durung akrab

→ Tuladha :

  • sakniki sukune bapak taksih sakit
  • ibu mboten saged tumut ngaos

II. BASA KRAMA ALUS/ INGGIL

yaiku basa sing tembung tembunge nggunakake basa Krama alus kabeh, tanpa kecampuran basa Ngoko. Dadi basane luwih alus lan luwih ngajeni.

→ Titikane :

  • basane Krama Alus kabeh
  • ater ater lan panambange dikramakake
  • sing dikramakake yaiku : perangene awak, sandhangan lan kriya = kata kerjane)

→ Panganggone :

  • wong tuwa marang anake
  • andhahan marang pimpinan
  • murid marang guru
  • putu marang simbahe

→ Tuladha :

  • sakpunika ampeyanipun bapak taksih gerah
  • ibu mboten saged nderek ngaos

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa Jawa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 22 Nov 22