1. Mas Sasangka kowe diceluk bapak a. Basa

Berikut ini adalah pertanyaan dari LaRisyaIntanSejati pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

1. Mas Sasangka kowe diceluk bapaka. Basa krama lugu:
b. Basa krama alus
2. Pak Narta nganggo kaca mata ireng
c. Basa krama lugu
d. Basa krama alus
3. Mbakyu, takon apa mau bapak teka mrene?
a. Basa krama lugu
b. Basa krama alus
4. Mas, apa kowe wis ngerti yen sasi ngarep Bapak sida bidhal menyang jakarta?
c. Basa krama lugu
d. Basa krama alus
5. Dhik, aku njaluk tulung, kowe omong ibu, yen suk Minggu aku ora isoh bali
a. Basa krama lugu
b. Basa krama alus​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam Krama.

1. Mas Sasangka kowe diceluk bapak.

a. Basa krama lugu: mas Sasangka sampeyan ditimbali bapak.

b. Basa krama alus : mas Sasangka Panjenengan dipun timbali bapak.

2. Pak Narta nganggo kaca mata ireng.

c. Basa krama lugu : pak narta ngangge kaca paningal cemeng.

d. Basa krama alus : pak narta ngagem kaca paningal cemeng.

3. Mbakyu, takon apa mau bapak teka mrene?

a. Basa krama lugu : mbakyu, tangklet napa wau bapak dugi mriki?

b. Basa krama alus : mbakyu, tengklet punapa kalawau bapak rawuh dhateng mriki?

4. Mas, apa kowe wis ngerti yen sasi ngarep Bapak sida bidhal menyang jakarta?

c. Basa krama lugu : mas, napa sampeyan mpun ngertos menawi sasi ngajeng bapak siyos bidhal ten Jakarta?

d. Basa krama alus : mas, punapa Panjenengan sampun mangertos menawi sasi ngajeng bapak siyos bidhal dhateng Jakarta?

5. Dhik, aku njaluk tulung, kowe omong ibu, yen suk Minggu aku ora isoh bali

a. Basa krama lugu : dhik, kula nyuwun tulung, sampeyan sanjang ibu, menawi mbenjing Minggu kula mboten siyos wangsul.

b. Basa krama alus : dhik, kula nyuwun panjenegan matur ibu, menawi mbenjing Minggu kula mboten siyos wangsul.

__________________

Pembahasan

Basa Krama kaperang dadi 2 :

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

→ panggonane :

  • wong sadrajat sing durung akrab
  • wong sing durung kenal

→ tuladhane :

  • sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

→ panggonane :

  • wong enom marang wong tuwa
  • marang wong sing dhuwur drajate

→ tuladhane :

  • Panjenengan badhe tindak pundi?

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 27 Apr 22