8. Sing njerit sora lan banjur keprungu dening ye Dewi

Berikut ini adalah pertanyaan dari nabilaasri661 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

8. Sing njerit sora lan banjur keprungu dening ye Dewi Sinta lan Raden Lesmana iku sapa? 9. Krungu swara kasebut kepriye kaanane Dewi Sinta? 10. Apa sing ditindakake Dewi Sinta? 11. Kepriye panemune Raden Lesmana marang panjaluke Dewi Sinta? 12. Wekasane apa sing ditindakake Raden Lesmana? 13. Sadurunge ninggalake Dewi Sinta, apa sing ditindakake Raden Lesmana? 14. Sapungkure Raden Lesmana sapa sing nyedhak papane Dewi Sinta? 15. Pawongan kasebut sejatine sapa? 16. Pungkasne crita ing episod iki kepriye?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

8. Sing njerit sora lan banjur keprungu dening Dewi Sinta lan Raden Lesmana yaiku Kalamarica/kidang kencana

9. Kahanane Dewi Sinta krungu swara kasebut yaiku kuwatir

10. Sing ditindakake Dewi Sinta yaiku ngutus Lesmana nyusul Rama

11. Panemune Raden Lesmana marang penjaluke Dewi Sinta yaiku ora setuju yen Raden Lesmana ninggalake Dewi Sinta

12. Wekasane sing ditindakake Raden Lesmana yaiku njupuk keris sekti

13. Sadurunge ninggalake Dewi Sinta, sing ditindakake Raden Lesmana yaiku gawe garis sing wis diwenehi donga ngubengi Dewi Sinta lan ngomong supaya Dewi Sinta ora metu saka garis bunderan

14. Sapungkure Raden Lesmana, sing nyedhak papane Dewi Sinta yaiku wong tuwa

15. Pawongan kuwi sejatine Rahwana/Dasamuka

16. Pungkasane crita ing episode iki yaiku Dewi Sinta diculik Dasamuka

Penjelasan:

Kanggo mangsuli pitakon-pitakon iku, kudu maca crita Kidang Kencana

Ing ngisor iki, ringkesan crita Kidang Kencana:

Dasamuka seneng karo Dewi Sinta. Dasamuka ngutus Kalamarica ngerubah wujud dadi kidang kencana. Dewi Sinta pengen nyekel kidang kencana iku banjur Prabu Rama cepet-cepet nyekel kidang mau. Prabu Rama banjur menthang senjatane gendhewa panahe kidang kencana banjur di panah. Eloking kahanan bareng karo gumlundung kidang kencana mau ana suwara kang niru suwarane Prabu Rama banter bengok-bengok jaluk tulung banjur Prabu Rama sadar yen dheweke lagi kapusan kidang kencana.

Swara sambating Prabu Rama nganti krungu tekan papane Dewi sinta lan adine Raden lesmana. Dewi Sinta ngira yen swara sing banter kuwi mau swarane Rama, banjur adine Lesmana ngelingake yen kuwi dudu swarane Prabu Rama. Dewi sinta tetep teguh pendiriane karo apa sing di antepi dadine Dewi sinta ngutus Raden Lesmana supaya goleki Prabu Rama menyang tengah alas. Raden Lesmana njupuk keris sekti banjur gawe garis ngubengi Dewi Sinta banjur ngomong kaliyan Dewi Sinta yen ojo metu saka garis sing wis digawe. Raden Lesmana banjur lunga goleki Prabu Rama mlebu jero alas.

Raden Lesmana lunga nyusul Rama, banjur Dasamuka ngerubah wujud dadi wong tuwa banjur nyedaki Dewi Sinta. Dewi Sinta ngrasa mesakake banjur dheweke nyedaki wong tuwa iku mau. Dewi Sinta metu saka garis sing digawe Raden Lesmana. Wong tuwa kui brubah dadi Dasamuka banjur nyulik Dewi Sinta.

Pelajari lebih lanjut

Pelajari lebih lanjut materi cerita Kidang Kencana pada yomemimo.com/tugas/22627868

#BelajarBersamaBrainly

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh mhamadnoval1 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 27 Jun 22