GladhenTembung lingga ing ngisor iki gawea ukara tanduk!Tuladha tulis aku

Berikut ini adalah pertanyaan dari shanda2729 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

GladhenTembung lingga ing ngisor iki gawea ukara tanduk!Tuladha tulis aku lagi nulis aksara jawa1 Tuku2 Waca3 Tendhang4 Sapu5 Jupuk6 Gandheng7 Pundhut8 Pangan9 Tumpak10 TataTembung tembung ing ngisor iki gawea ukara tanggap!Tuladha Tulis : Undhangane lagi ditulis adhiku. 1. Tuku2. Waca3 Tendhang4. Sapu5 Jupuk6. Gandheng7 Pundhut8 Pangan9 Tumpak10. Tata​.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ukara Tanduk

1. Tuku = Rohani nuku kerajinan tangan sing didol Rini.

2. Waca = Sutaji maca buku basa Jawa.

3. Tendhang = Arni nendhang bal.

4. Sapu = Sinta nyapu latar omah.

5. Jupuk = Mas Dimas njupuk layangan ing omahe Mas Andi.

6. Gandheng = Ibu nggandheng manik-manik kanggo kalung.

7. Pundhut = Bapak mundhut sarung.

8. Pangan = Siti mangan sego pecel.

9. Tumpak = Ilham numpak sepedha saben budhal sekolah.

10. Tata = Pak Suyadi nata bata.

Ukara Tanggap

1. Tuku = Kerajinan tangan sing didol Rini dituku Rohani.

2. Waca = Buku basa Jawa diwaca Sutaji.

3. Tendhang = Bal ditendhang Arni.

4. Sapu = Latar omah disapu Sinta.

5. Jupuk = Layangan ing omahe Mas Andi dijupuk Mas Dimas.

6. Gandheng = Manik-manik kanggo kalung digandhengi Ibu.

7. Pundhut = Sarung dipundhut bapak.

8. Pangan = Sego pecel dipangan Siti.

9. Tumpak = Saben budhal sekolah, sepedha ditumpaki Ilham.

10. Tata = Bata ditata Pak Suyadi.

___________________

Penjelasan:

➢ Ukara Tanduk

Yaiku ukara sing jejere nglakokakè pakaryan. Biyasane nggunakake ater-ater anūswara awujud m-, n-, ny-, lan ng-.

➢ Ukara Tanggap

Yaiku ukara kang wasesane arupa tembung kriya lan jejere dikenani pakaryan. Biyasane nggunakake ater-ater tripurasa awujud dak-, kok-, lan di-.

_________________

Detail Jawaban

  • Mapel: B.Daerah
  • Kelas: 6
  • Materi: Ukara Tanduk lan Tanggap
  • Kode: 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Gemitir dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 04 Jul 22