Kelompokna ukara-ukara ing ngisor iki klebu ragam basa apa? (ngoko

Berikut ini adalah pertanyaan dari nabilamaulida6721 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Kelompokna ukara-ukara ing ngisor iki klebu ragam basa apa? (ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus) pak panjenengan mawon ingkang dhawuh pangandikan. aku mengko arep menyang pasar. ibu kula tindak dhateng jakarta nitih sepur. sampeyan siyos kesah jam pinten?

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsuli pitakon

1. Pak panjenengan mawon ingkang dhawuh pangandikan.

(Krama alus)

2. Aku mengko arep menyang pasar.

(Ngoko lugu)

3. Ibu kula tindak dhateng jakarta nitih sepur.

(Krama lugu)

4. Sampeyan siyos kesah jam pinten?

(Krama lugu)

__________________

Pembahasan

Basa Jawa miturut unggah ungguhe kaperang ana 4, yaiku :

1. Basa Ngoko lugu, yaiku basa sing nalika rembugan nggunakake basa Ngoko lugu kabeh, ora kecampur dening basa Krama.

tuladhane :

  • saiki wayahe prei sekolahe
  • ora usah mulih disik

2. Basa Ngoko Alus, basa sing nalika rembugan nggunakake basa Ngoko lan basa Krama.

tuladhane :

  • saiki wayahe kendel sekolah
  • ora usah kondur disik

3. Basa Krama lugu, yaiku basa sing nalika rembugan nggunakake basa Krama.

tuladhane :

  • sakniki wancine kendel sekolahe
  • mboten sisah wangsul riyin

4. Basa Krama alus, yaiku basa sing nalika rembugan nggunakake basa Krama alus kabeh, dadi basane luwih Alus lan luwih ngajeni.

tuladhane :

  • sakmenika wancinipun kendel sekolahipun
  • mboten sisah kondur rumiyin

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 26 Jul 22