Serat Wedhatama iku salah sawijining serat kang ngandhut piwulang luhur

Berikut ini adalah pertanyaan dari vanni6454 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Pertama

Serat Wedhatama iku salah sawijining serat kang ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat iki kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV nalika taun 1905, Serat Wedhatama uga jumbuh nalika ditrepake kanggo urip sabendina, dene kabeh mau kaandharake ana ing sajroning tembang ing ngisor iki, kajaba...A.Sinom (18 pada)
B. Pocung (15 pada)
C. Asmaradana (14 pada)
D. Gambuh (35 pada)
E. Kinanthi (18 pada)

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban :

C.Asmaradana ( 14 pada )

Pembahasan :

Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :

1. Pangkur (14 pada)

Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.

2. Sinom (18 pada)

Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane

3. Pocung (15 pada)

Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.

4. Gambuh (35 pada)

Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.

5. Kinanthi (18 pada)

Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :

a.Piwulangam kanggo kanoman

Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener.Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa.Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya,arta, warsis.

b.Piwulangan kanggo wong tua

Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.

Kesimpulan :

Jadi,jawaban dari soal diatas adalah

C.Asmaradana (14 pada)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh AlyaAdiNoviyanti dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 18 Jul 22